PANGENTASAN 36:3 - Kitab Sutji3 Iku nuli padha nampani saka astane Nabi Musa sakehe pisungsung-mligi atur-ature wong Israel kanggo ing ayahan ngadegake pasucen. Nanging wong Israel iku saben esuk isih terus ndlidir bae anggone padha ngaturake pisungsung manasuka marang Nabi Musa. Faic an caibideil |
“He para tedhak turune Dawud, – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –: Saben esuk nindakna putusan kang adil, lan kang direbut wewenange uwalna saka ing tangane kang nyiya-nyiya, supaya mulad-mulading bebenduningSun aja nganti nyamber kaya geni, sarta makantar-kantar, ora ana kang nyirep, marga saka panggawe-panggawenira kang ala!