Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 36:2 - Kitab Sutji

2 Nabi Musa banjur nimbali Bezaleel karo Aholiab lan saben wong kang ahli, kang ing sajroning atine wus padha kaparingan kawasisan dening Pangeran Yehuwah, iya sakehe wong kang legawa atine supaya padha teka nindakake pagawean iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 36:2
15 Iomraidhean Croise  

Lah golonganing para imam lan para wong Lewi wus cumawis kanggo sakehing pangibadah ana ing padalemaning Allah, lan wus ana wong sawetara kang kanthi legawaning ati arep mbiyantu sira, kang ahli ing bab nindakake saben pagawean. Mangkono uga para pemimpin lan rakyat iki kabeh iya padha cumadhang marang apa kang sira dhawuhake.”


yaiku emase kanggo barang-barang emas, lan salakane kanggo barang-barang salaka sarta kanggo sabarang kang digawe dening para tukang. Mulane sapa kang ing dina iki kanthi eklas nyaosake pisungsung marang Pangeran Yehuwah?”


“Sira ndhawuhana marang wong Israel, supaya padha nyaosna pisungsung mirunggan konjuk marang Ingsun. Anggone padha nyaosake pisungsung mirunggan konjuk marang Ingsun iku metua saka legawaning atine.


Dingati-ati, anggonira gawe kabeh mau kudu ngepleki conto kang wus katedahake marang sira ana ing gunung.”


Sira ndhawuhana marang sakehe para ahli, kang wus Sunesoki rohing kawasisan, padha konen gawe sandhangane Harun, kanggo nucekake dheweke, supaya dadia imam lumados marang Ingsun.


Karodene Ingsun iya wus netepake minangka rewange ing gawe iya iku Aholiab bin Ahisamakh, saka taler Dhan; saben ahli wus Sunparingi keahlian; iku padha gawea sabarang kang Sunprentahake marang sira:


Nuli sakehe wong panunggalanira kang ahli padha tekaa lan gawea samubarang kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah,


Nem dina wong padha nindakna pagaweane, nanging ing dina kapitu kudu ana wektu ngaso kang suci, yaiku Sabat, dina ngaso babar pisan kagem Pangeran Yehuwah. Sadhengah wong kang nglakoni pagawean ing dina iku, kudu kaukum pati.


Kaya mangkono anggone kudu nyambut-gawe Bezaleel lan Aholiab lan saben wong kang ahli, kang wus kaparingan keahlian lan pangreten dening Sang Yehuwah, temah padha ngreti pratikele nggarap sarupane pegawean kanggo ngadegake pasucen, nyondhongi apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah.”


Iku nuli padha nampani saka astane Nabi Musa sakehe pisungsung-mligi atur-ature wong Israel kanggo ing ayahan ngadegake pasucen. Nanging wong Israel iku saben esuk isih terus ndlidir bae anggone padha ngaturake pisungsung manasuka marang Nabi Musa.


Ana ing saben pasamuwan para rasul mau padha netepake pinituwa-pinituwa kanggo pasamuwan iku, lan sawise ndedonga lan puwasa, para pinituwa mau padha dicaosake marang Gusti, kang dadi sumbering pracayane.


Lan Arkhipus kandhanana mangkene: Poma gatekna, kwajiban leladi, kang wus koktampani ing sajroning Gusti iku supaya kok tetepana kalawan samesthine.


Sarta ora ana wong kang ngalap drajat iku kanggo awake dhewe, nanging katimbalan dening Gusti Allah kaya kang wis kalakon tumrap Imam Agung Harun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan