PANGENTASAN 36:1 - Kitab Sutji1 Kaya mangkono anggone kudu nyambut-gawe Bezaleel lan Aholiab lan saben wong kang ahli, kang wus kaparingan keahlian lan pangreten dening Sang Yehuwah, temah padha ngreti pratikele nggarap sarupane pegawean kanggo ngadegake pasucen, nyondhongi apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah.” Faic an caibideil |
Lah golonganing para imam lan para wong Lewi wus cumawis kanggo sakehing pangibadah ana ing padalemaning Allah, lan wus ana wong sawetara kang kanthi legawaning ati arep mbiyantu sira, kang ahli ing bab nindakake saben pagawean. Mangkono uga para pemimpin lan rakyat iki kabeh iya padha cumadhang marang apa kang sira dhawuhake.”