Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 34:7 - Kitab Sutji

7 kang netepake sih susetyane marang wong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar pisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman, kang malesake kaluputaning bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 34:7
57 Iomraidhean Croise  

Sarehne mangu-mangu, mulane priya mau banjur padha nyandhak tangane Lut, tangane somahe lan anake wadon karo pisan, marga saka pangemane Sang Yehuwah marang dheweke; banjur dituntun metu menyang ing sajabane kutha sarta dieculake ana ing kono.


Punapa dene karsaa miyarsakaken panyuwunipun abdi Paduka saha umat Paduka Israel ingkang kaunjukaken wonten ing panggenan punika; inggih Paduka ingkang midhangetaken wonten ing papan padaleman Paduka ing swarga: lan manawi Paduka miyarsakaken, Paduka inggih badhe paring pangapunten.


Paduka mugi inggih karsaa miyarsakaken wonten ing swarga saha tumindak ngadili para abdi Paduka, inggih punika mratelakaken lepatipun tiyang ingkang lepat kalayan ngebregaken pandamelipun dhateng tiyang punika piyambak, nanging mratelakaken leresipun tiyang ingkang leres kalayan paring piwales dhateng tiyang wau ingkang selaras kaliyan kaleresanipun.


Amarga manawa kowe padha bali marang Pangeran Yehuwah, para sadulurmu lan anak-anakmu bakal oleh sih-piwelas saka wong-wong kang padha nawan, satemah padha bali menyang ing nagara kene. Amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat asih lan welasan: Panjenengane ora bakal ngengokake wedanane saka kowe, manawa kowe padha bali marang Panjenengane.”


Unjukku: “Dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahipun saindenging langit, Paduka punika Gusti Allah ingkang Mahaagung sarta nggegirisi, ingkang ngantepi ing prasetyan saha ing sih-kadarmanipun tumrap ing tetiyang ingkang sami nresnani Panjenenganipun sarta netepi ing pepakenipun,


Lah sapunika, dhuh Allah kawula, Gusti Allah ingkang mahaagung, santosa lan nggegirisi, ingkang ngekahi ing prasetya saha sih-kadarmanipun, sampun ngantos Paduka galih remeh sakathahing kasisahan ingkang sampun sami kawula sandhang, inggih ratu-ratu kawula, panuntun-panuntun kawula, imam-imam kawula, nabi-nabi kawula, saha para leluhur kawula, malah inggih umat Paduka sadaya, wiwit jamanipun para raja ing Asyur dumugi sapunika.


Saupami kawula damel dosa, Paduka temtu badhe nguningani, saha kawula boten badhe Paduka galih tanpa kalepatan.


Panjenengane kang ngapura sakehe kaluputanmu, lan maluyakake sakehe lelaramu.


piawoning para leluhuripun kaengetana wonten ing ngarsaning Yehuwah, sarta dosaning biyungipun sampun ngantos kalebur,


Nanging Paduka kagungan pangapunten, supados tiyang sami ajrih-asih dhumateng Paduka.


Kang mejahi para pembarepe wong Mesir, awit langgeng sih-kadarmane.


Sang Pringon sawadya-balane dikelemake ana ing segara Teberau, awit langgeng sih-kadarmane.


Margi saking asma Paduka, dhuh Yehuwah, mugi karsaa ngapunten kalepatan kawula, awit punika ageng.


Nanging Paduka punika, dhuh Pangeran, Allah ingkang ambek welasan saha asih, agung kasabaran Paduka saha luber sih tuwin kasetyan Paduka.


Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, Paduka sampun paring wangsulan dhumateng tiyang wau sadaya. Paduka punika Gusti Allah, ingkang remen ngapunten tumrap para tiyang punika, nanging ingkang ugi paring piwales dhateng pandamelipun.


Sira dingati-ati ana ing ngarsane lan ngestokna marang dhawuh-dhawuhe, sira aja gawe duraka marang Panjenengane, awitdene panerakira ora bakal diapura, sabab asmaningSun ana ing batose.


Sira ngedohana tindak culika; wong kang ora luput lan kang bener aja sira pateni, awitdene Ingsun ora bakal mbenerake wong kang luput.


Pangandikane Sang Yehuwah: “Sakehing kamulyaningSun bakal Sunlampahake ana ngarepira lan Ingsun bakal ngumandhangake asmane Pangeran Yehuwah ana ing ngarepira, Ingsun bakal paring sih-mirma lan melasi marang sapa kang Sunwelasi.”


unjuke: “Dhuh Pangeran, manawi kawula sampun manggih sih palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa tindak wonten ing tengah-tengah kawula; sanadyan bangsa punika bangsa ingkang wangkal, Paduka mugi ngapunten kalepatan saha dosa kawula sadaya; kawula mugi sami Paduka pundhut dados kagungan Paduka.”


Sira padha nerangna lan mratelakna alasanira, cikben padha rerembugan bebarengan: Sapa kang aweh pawarta bab iki wiwit jaman kuna mula, tuwin kang mratelakake wiwit biyen? Apa dudu Ingsun, Yehuwah? Ora ana liyane, ora ana allah liyane kajaba Ingsun! Allah kang adil lan kang jumeneng Juru-slamet, ora ana liyane kajaba Ingsun!


Amarga Ingsun nunggil klawan sira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, prelu mitulungi sira. Sakehing bangsa kang Sunpasrahi sira ana ing satengahe, iku bakal Sunsirnakake, nanging sira ora bakal Suntumpes tapis. Ingsun bakal nggebagi sira wewaton angger-angger, nanging Ingsun babar pisan ora nganggep sira tanpa kaluputan.


Paduka ingkang ngatingalaken sih-susetya Paduka dhateng tiyang ewon-ewon, ingkang malesaken dosanipun bapa dhateng anak-anakipun ing sapengkeripun. Dhuh Gusti Allah ingkang agung tuwin kuwaos, asma Paduka punika ingkang sinebut Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.


nanging sing sapa arep ngegungake, ngegungna kang mangkene: manawa dheweke ngreti lan wanuh marang Ingsun, manawa Ingsun iki Sang Yehuwah, kang nedahake kadarman, kaadilan lan kabeneran ana ing bumi; sanyata, iku kang ndadekake keparenging galihingSun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Awu nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah, Allahku kalawan ngakoni dosaku mangkene: “Dhuh Yehuwah ingkang mahaagung saha nggegirisi, ingkang netepi prajanjian tuwin sih-palimirma dhateng para tiyang ingkang sami tresna dhumateng Paduka sarta netepi pepaken Paduka.


Pangeran, Allah kawula, kagungan piwelas tuwin pangapunten, sanadyan kawula sampun sami mbalela dhumateng Panjenenganipun,


Apa iya Ingsun kendel bae ora paring paukuman marang wong kang nggawa traju palsu, utawa kanthong isi watu timbangan kang cidra?


Allah ingkang pundi ingkang nyameni Paduka, ingkang ngapunten dosa, saha ingkang ngapunten panerakipun kekantunaning bangsa kagunganipun piyambak: ingkang boten saged tahan dhateng bebendunipun ing salajengipun, nanging ingkang rena dhateng sih-palimirma?


Sapa kang kuwat nadhahi bebendune? Sarta sapa kang bisa tetep ngadeg jejeg samangsa mulad-mulad bebendune? Bramatyane kaesokake kaya geni, tuwin gunung parang nganti padha jugrug.


Mulane Aku pitutur marang kowe: Sakabehing dosa lan panyenyamahing wong bakal kaapura, nanging panyenyamah marang Roh Suci iku bakal ora diapura.


Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.


Sarehne padha ora bisa nyaur, kang potang banjur nglilakake utange wong loro mau. Wong loro iku sing endi sing luwih tresna marang dheweke?”


Banjur ngandika marang wong wadon mau: “Dosamu wis kaapura.”


Milanipun ndadosna ing kauningan, para sadherek, margi saking Panjenenganipun punika, panjenengan sadaya sami kawartosan bab pangapuntening dosa,


Inggih Panjenenganipun punika ingkang sampun sinengkakaken ing ngaluhur dening Gusti Allah piyambak kalayan astanipun ingkang tengen, kajumenengaken dados Panuntun tuwin Juru-wilujeng, supados Israel saged mratobat saha tampi pangapuntening dosa.


Sabab iya ana ing Panjenengane marga saka rahe, kita kaparingan tetebusan, yaiku pangapuraning dosa, manut gunging sih-rahmate,


Nanging kowe dipadha sumanak mungguh ing siji lan sijine, kebak ing sih katresnan lan apura-ingapuraa kayadene Gusti Allah ana ing Sang Kristus iya wus ngapura marang kowe kabeh.


Ingsun kang kagungan wewenang pepulih lan males, ing mangsane sikile nggloyori, awitdene wus cedhak dinaning karusakane, sarta enggal bakal nekani apa kang dadi pepesthene.


nanging saben wong kang sengit marang Panjenengane, bakal diwales lan disirnakake. Satrune ora diparingi sumene, mesthi terus bae bakal diwales.


Kang iku sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang jumeneng Allah, Gusti Allah kang setya-tuhu, kang netepi prasetya lan sih-kadarmane tumrap kang padha tresna ing Panjenengane lan netepi dhawuh-dhawuhe, nganti pirang-pirang ewu turunan,


Sabab Gusti Allah iya asipat geni kang gawe gosong.


Nanging pangandikane Senapati Yusak marang wong-wong mau: “Kowe mangsa padha bisaa ngabekti marang Sang Yehuwah, amarga Panjenengane iku Gusti Allah kang suci, kang butajengan. Panjenengane bakal ora ngapura kaluputan lan dosamu.


Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengane iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita.


Dene saben wong kang jenenge ora katulis ana ing kitab kauripan iku, iku kacemplungake ing sagara geni.


Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan