PANGENTASAN 34:6 - Kitab Sutji6 Ing kono Pangeran Yehuwah banjur tindak langkung ngarepe sarta nguwuh-uwuh: “Yehuwah, Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih, luwih dening sabar, gedhe kamirahane lan kasetyane, Faic an caibideil |
Pangeran banjur ngandika: “Sira metua lan ngadega ana ing dhuwur gunung iki ana ing ngarsaning Sang Yehuwah!” Ing kono Pangeran Yehuwah nuli tindak langkung! Angin gedhe lan banter, kang mbengkahake gunung-gunung lan nggempalake parang-parang ndhisiki tindake Sang Yehuwah. Nanging Pangeran Yehuwah ora ana ing sajroning angin iku. Lan sawuse angin mau banjur ana lindhu. Nanging Sang Yehuwah ora ana ing sajroning lindhu iku.
Amarga manawa kowe padha bali marang Pangeran Yehuwah, para sadulurmu lan anak-anakmu bakal oleh sih-piwelas saka wong-wong kang padha nawan, satemah padha bali menyang ing nagara kene. Amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat asih lan welasan: Panjenengane ora bakal ngengokake wedanane saka kowe, manawa kowe padha bali marang Panjenengane.”
Dene sami lumuh mirengaken tuwin boten ngengeti dhateng kaelokan ingkang Paduka tindakaken wonten ing satengahipun; sami ngakenaken githokipun, malah sami nekad badhe mangsuli pangawulanipun wonten ing tanah Mesir. Nanging Paduka punika Gusti Allah ingkang sugih pangapunten, asihdarma tuwin ambek welasan, sabar saha agung sihsusetyanipun. Paduka boten karsa negakaken para leluhur kawula wau.
Tumuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, rak sampun makaten pangraos kawula, nalika kawula taksih wonten ing nagari kawula? Inggih punika sababipun, kawula nunten lumajeng dhateng Tarsis; awitdene kawula sumerep, bilih Paduka punika Gusti Allah ingkang asih-mirma tuwin welasan, ingkang ageng kasabaranipun, ingkang luber kadarmanipun saha ingkang apiduwung ing ngatasipun bilai ingkang badhe kadhawahaken.