Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 34:5 - Kitab Sutji

5 Pangeran Yehuwah banjur tumendhak ana ing mega, tumuli jumeneng ana ing sacedhake Nabi Musa sarta nyebut asmaning Sang Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 34:5
16 Iomraidhean Croise  

prelu miyarsakake pasambate wong tahanan, tuwin ngluwari para wong kang wus cinadhangake marang pati,


Gunung Sinai katutupan ing pega kabeh, marga Sang Yehuwah nedhaki gunung mau ing sajroning geni; pegane kumelun kaya kukus ing pawon, lan gununge banget anggone gonjang-ganjing.


Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Lah Ingsun bakal ngrawuhi sira ana ing mendhung kang peteng, supaya wong akeh padha krungua samangsa Ingsun imbal pangandika karo sira, lan supaya tansah padha ngandel marang sira.” Nabi Musa banjur munjuk marang Sang Yehuwah bab kasaguhane bangsa iku.


Sira dingati-ati ana ing ngarsane lan ngestokna marang dhawuh-dhawuhe, sira aja gawe duraka marang Panjenengane, awitdene panerakira ora bakal diapura, sabab asmaningSun ana ing batose.


Pangandikane Sang Yehuwah: “Sakehing kamulyaningSun bakal Sunlampahake ana ngarepira lan Ingsun bakal ngumandhangake asmane Pangeran Yehuwah ana ing ngarepira, Ingsun bakal paring sih-mirma lan melasi marang sapa kang Sunwelasi.”


Manawa Nabi Musa lumebet ing tarub mau, tugu mega nuli mudhun mapan ana ing lawangane tarub, sarta Pangeran Yehuwah banjur imbal pangandika karo Nabi Musa.


Asmane Pangeran Yehuwah iku menara kang santosa, wong bener padha ngungsi mrono temah slamet.


Rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he para panggedhene Sodom! Gatekna piwulange Allah kita, he rakyat Gomora!


Nuli Ingsun bakal tumedhak sarta bakal ngandikan karo sira ana ing kono, nuli Roh kang ana ing sira iku bakal salong Sunpundhut, Sundunungake ing wong-wong mau, banjur bakal padha ngrewangi sira mikul tanggung-jawab tumrap bangsa iku, supaya aja sira pikul dhewe.


Pangeran Yehuwah banjur tumedhak ing sajroning mega sarta ngandika marang Nabi Musa; karomaneh Roh kang dumunung ing Nabi Musa iku salong kapundhut, kaparingake marang para pinituwa pitung puluh iku. Kacarita bareng padha kadunungan Roh, tumuli padha medhar wangsit kaya nabi, nanging sawuse iku wus ora maneh.


Pangeran Yehuwah banjur tumedhak ana ing sajroning tugu mega, lan jumeneng ana ing lawanganing tarub, tumuli nimbali Imam Harun lan Ibu Miryam. Sakarone iya padha banjur ngadhep.


Ingkang punika mugi ing samangke pangwaos Paduka sageda tetela luhuripun, nyondhongi pangandika Paduka, wiraosipun:


Marga asmane Sang Yehuwah arep dakundhangake: Ngunjukna hurmat marang Gusti Allah kita,


Samuel banjur ngaturi kabeh mau marang Imam Eli, ora ana sawiji bae kang disidhem. Imam Eli nuli ngandika: “Panjenengane iku Sang Yehuwah, iya kelakona apa kang kagalih prayoga.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan