Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 34:4 - Kitab Sutji

4 Nabi Musa banjur mrejeng papan watu loro kaya kang dhisik; ing wayah esuk tumuli wungu sarta minggah ing gunung Sinai, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, sarta ngasta papan watu loro mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 34:4
6 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah tumuli tumedhak marang ing pucake gunung Sinai, sarta nimbali Nabi Musa menyang ing pucake gunung iku; Nabi Musa banjur minggah.


Nabi Musa tumuli minggah sowan ing ngarsane Gusti Allah, sarta dipangandikani dening Pangeran Yehuwah saka ing gunung kono, dhawuhe: “Sira ndhawuhana turune Yakub lan ngundhangna marang wong Israel, mangkene:


Papan loro mau yasane Gusti Allah, tulisane iya seratane Gusti Allah pribadi, kaukir ana ing papan mau.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira mrejenga papan watu loro kaya kang dhisik, papan mau bakal Sunserati pangandika padha kaya kang ana ing papan sakawit kang wus sira remuk iku.


“Ing nalika iku Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: Sira nataha papan watu loro kaya kang dhisik, nuli munggaha ing gunung iki sebaa marang ing ngarsaningSun; lan sira nuli gawea pethi kayu siji.


Aku banjur gawe pethi kayu sitah, lan natah papan watu loro kaya kang dhisik, tumuli aku munggah ing gunung karo nggawa papan loro mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan