3 Nanging aja ana wong siji bae kang melu munggah karo sira, iya aja ana wong kang katon kumliwer ing sawratane gunung, sanajan wedhus utawa sapi, aja ana kang diengon ing sakubenge gunung iku.”
Dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira mudhuna, bangsa iku elingna, aja ana kang mbrobos ing pager nyedhaki Pangeran Yehuwah arep ndedeleng, sabab mesthi akeh kang bakal padha tiwas.
Wong siji bae ora kena ana ing Tarub Pasewakan, manawa Harun lumebu arep nganakake pirukun ana ing pasucen nganti sawetune, sawuse rampung anggone nganakake karukunan, tumrap awake dhewe, kulawargane lan sapasamuwane Israel kabeh.
Amarga Gusti Allah iku asipat tunggal, samono uga Panjenengane kang dadi pantawis kita ing antarane Gusti Allah lan manungsa iku uga mung siji, yaiku Sang Manungsa Kristus Yesus,