PANGENTASAN 34:16 - Kitab Sutji16 Manawa sira njupuk anak-anake wadon sira olehake anak-anakira, lan anake wadon iku samangsa padha bebedhangan kalawan ngetut-buri marang allahe, iku mesthi bakal mbujuk anak-anakira supaya laku bedhang kalawan ngetut-buri marang allahe mau. Faic an caibideil |
Kang iku sira aja nganti ngwenehake anak-anakira wadon marang anake lanang bangsa-bangsa iku lan aja ngalap anak-anake wadon kanggo anakira lanang. Sira aja mbudidaya ngolehake kabegjan lan karaharjan kanggo wong-wong iku nganti ing salawas-lawase, supaya sira padha dadi rosa lan padha mangan pametune tanah kang becik, apadene padha marisake tanah iku marang anak-anakira nganti ing salawas-lawase.
Wong iku padha daktutuh lan dakipat-ipati sarta ana sawatara kang padha dakgitiki sarta dakjambaki rambute lan padha dakkon sumpah demi Allah mangkene: “Poma aja ngomah-omahake anakmu wadon oleh anake lanang bangsa kuwi, lan poma aja ngalap anake wadon bangsa kuwi, kokolehake anak-anakmu lanang utawa kanggo kowe dhewe!
Iki wiwitaning pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hosea; dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Hosea: “Sira lungaa, rabia karo sawijining wong wadon tuna-susila, sarta darbea anak-anak turune wong wadon tuna-susila, awitdene tanah iki banget anggone laku bedhang sarta nyingkur marang Pangeran Yehuwah.”
titenana temenan, yen Sang Yehuwah Gusti Allahmu mesthi bakal ora nundhungi para bangsa iku maneh saka ing ngarepmu, malah iku bakal padha dadi kala lan jiret tumrap ing kowe, tuwin dadi pecut tumrap ing lambungmu, apadene dadi klilip ana ing mripatmu, nganti kowe padha tumpes sirna saka ing tanah kang becik peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe iki.
Nanging kang rama lan kang ibu padha ngandikani: “Panunggalane anake sanak-sadulurmu lan panunggalane bangsaku kabeh apa ora ana wong wadon, dene kowe kok nganti ngalap rabi saka bangsa Filisti, wong kang ora tetak?” Ature Simson marang kang rama: “Kula mugi panjenengan pundhutaken tiyang punika, amargi punika ingkang kula remeni.”