Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 34:10 - Kitab Sutji

10 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Lah Ingsun nganakake prajanjian. Ana ing ngarepe bangsanira kabeh, Ingsun bakal nindakake kaelokan kang durung tau kelakon ana ing salumahing bumi ing satengahe sakehe bangsa; temah bangsanira kabeh bakal padha nyipati pakaryaning Yehuwah, awitdene apa kang bakal Suntindakake marang sira iku nyata-nyata nggegirisi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 34:10
28 Iomraidhean Croise  

Lan pundi wonten bangsa ingkang kados umat Paduka Israel ing salumahing bumi, ingkang Gusti Allahipun tumindak ngluwari bangsa punika, kadadosaken umatipun, supados angsala asma kagem Panjenenganipun srana nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang ageng lan nggegirisi kangge tiyang-tiyang punika, lan nundhungi para bangsa lan para allahipun saking ngajenging umatipun?


pandamel-pandamel kang elok ana ing tanahe Kham, pandamel-pandamel kang nggegirisi ana ing sapinggire segara Teberau.


Marang Panjenengane kang nindakake kaelokan gedhe piyambakan, awit langgeng sih-kadarmane.


Tiyang kathah sami badhe nggiyar-nggiyaraken kakiyataning pakaryan Paduka ingkang nggegirisi, sarta kaluhuran Paduka badhe kawula cariyosaken.


Panjenengane ora nindakake mangkono tumrap sakehing bangsa, sarta para bangsa iku padha ora sumurup marang sarake. Haleluya.


Rahayu tiyang ingkang Paduka pilih sarta Paduka dhawuhi nyelak, supados manggen wonten ing plataran Paduka! Kawula sami katuwukan ing kaendahanipun padaleman Paduka, inggih kadhaton Paduka ingkang suci.


Munjuka marang Gusti Allah: “Saiba anggenipun nggegirisi sadaya pakaryan Paduka punika; amargi saking agunging panguwaos Paduka, mengsah Paduka temah sami teluk, ngempek-empek dhumateng Paduka.


Padha majua waspadakna pakaryane Gusti Allah; ngebat-ebati kang ditandukake marang manungsa.


Padha ngakonana pangwasaning Allah; kaluhurane ngayomi Israel, pangwaose ana ing mega-mega.


Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, Panjenengane kang nindakake kaelokan piyambakan!


Padha ngucapna nadar banjur padha luwarana konjuk ing Yehuwah Allahmu! Kabeh wong kang ana ing ngarsane Yehuwah, kareben padha ngunjukake pisungsung marang Panjenengane kang diwedeni.


Dhuh Allah, margi Paduka punika suci! Allah ingkang pundi ingkang agung kados Allah kawula sadaya?


Gusti Allah wus nindakake kaelokan-kaelokan ana ing ngarepe para leluhure, ana ing tanah Mesir, ana ing ara-ara Zoan;


Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Nabi Musa: “Pepakon iku sira tulisana, awitdene adhedhasar pepakon mau anggoningSun damel prajanjian karo sira lan Israel.”


Nabi Musa anggone ana ing kono kalawan Sang Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, ora dhahar roti lan ora ngunjuk banyu. Anadene panjenengane nyerati sakehing tetembunganing prajanjian ana ing papan watu, yaiku Sabda Sepuluh.


amargi Paduka nindakaken bab ingkang nggegirisi ingkang boten sami kawula ajeng-ajeng, ingkang ing wiwit jaman kina dereng nate kapireng ing tiyang!


Paduka sampun ngentasaken umat Paduka Israel saking tanah Mesir klayan pratandha tuwin kaelokan, srana asta ingkang rosa saha kaacungaken, sarta kanthi pagiris ingkang ngebat-ebati.


Kados nalika Paduka miyos saking Mesir, kawula mugi sami kaparingana sumerep bab kaelokan-kaelokan!


Panjenengane iku kang dadi underaning pepujianmu, iya Panjenengane iku Gusti Allahmu, kang wus nindakake pandamel kang linuwih lan nggegirisi, kang wus padha koksipati dhewe.


Apa bisa kelakon wong siji mburu wong sewu lan wong loro bisa ngalahake wong sapuluh ewu, yen oraa wus padha kaedol dening gunung parange lan diulungake dening Sang Yehuwah.


Kowe padha diparingi sumurup prasetyane, kang kadhawuhake supaya koklakoni, yaiku Pangandika Sapuluh kang tumuli kaserat ing papan watu loro.


Aku ndhredheg nyumurupi duka lan bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad marang kowe, nganti karsane bakal numpes marang kowe kabeh. Nanging ing sapisan iki Pangeran Yehuwah iya nyembadani panyuwunku.


Wong kabeh tumuli padha surak-surak binarung swarane kalasangka mau; sawuse wong sabangsa kabeh krungu swaraning kalasangka, banjur padha surak-surak kalawan sora. Dumadakan balowartine jugrug, lan wong kabeh tumuli padha munggah ing kutha, siji-sijine lumaku ngenut enere dhewe-dhewe lan ngrebut kutha mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan