8 Samangsa Nabi Musa menyang ing tarub iku, wong kabeh padha mapan ngadeg ana lawanging tarube dhewe-dhewe, karo mandeng marang tindake nganti salebete ing tarub.
Sawuse iku Nabi Musa banjur mendhet tarub sarta ditancebake ing sajabane palereban kapara adoh, iku diarani Tarub Pasewakan. Saben wong kang ngupaya marang Pangeran Yehuwah, iku nuli mara menyang ing Tarub Pasewakan kang ana ing sajabane palereban.
Manawa Nabi Musa lumebet ing tarub mau, tugu mega nuli mudhun mapan ana ing lawangane tarub, sarta Pangeran Yehuwah banjur imbal pangandika karo Nabi Musa.
Wong-wong banjur padha sumingkir saka ing saubenge tarube Korakh, Datan lan Abiram. Datan lan Abiram banjur padha metu ngadeg ana ing lawanging tarube karo somahe, sarta anak-anake gedhe-cilik.