Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 33:7 - Kitab Sutji

7 Sawuse iku Nabi Musa banjur mendhet tarub sarta ditancebake ing sajabane palereban kapara adoh, iku diarani Tarub Pasewakan. Saben wong kang ngupaya marang Pangeran Yehuwah, iku nuli mara menyang ing Tarub Pasewakan kang ana ing sajabane palereban.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 33:7
17 Iomraidhean Croise  

Nalika jumenenge Sang Prabu Dawud kelakon ana mangsa paceklik lawase telung taun muput. Sang Prabu Dawud banjur nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Yehuwah: “Saul lan kulawargane padha utang getih, amarga mateni wong-wong Gibeon.”


Dhuh Yehuwah, punapaa dene Paduka jumeneng wonten ing katebihan, sarta umpetan ing wekdal karupekan?


Manah kawula ndherek dhumateng pangandika Paduka: “Sira ngupayaa wedananingSun.” Wedana Paduka inggih lajeng kawula upadosi, dhuh Yehuwah.


Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang sampun nguningani, mugi Paduka sampun kendel kemawon, dhuh Pangeran, mugi sampun ngantos nebihi kawula!


Imam Yitro mara-sepuhe Nabi Musa banjur nyaosake kurban obaran lan kurban sembelehan marang Pangeran Yehuwah; Rama Harun lan sakehe para tuwa-tuwane Israel padha kembul dhahar karo mara-sepuhe Nabi Musa ana ing ngarsane Gusti Allah.


Nabi Musa banjur medal methukake mara-sepuhe, sumungkem lan ngaras; sawuse bage-binage mungguh ing bab kasugengane, banjur padha lumebu ing tarub.


Marga saka iku wong Israel padha ora nganggo rerenggan maneh, wiwit saka ing gunung Horeb iku.


Samangsa Nabi Musa menyang ing tarub iku, wong kabeh padha mapan ngadeg ana lawanging tarube dhewe-dhewe, karo mandeng marang tindake nganti salebete ing tarub.


Pangeran Yehuwah iku adoh saka wong duraka, nanging pandongane wong bener dipiyarsakake.


nanging kang dadi sesinggetan ing antarane kowe lan Gusti Allahmu iku sakehing pialamu, tuwin kang njalari Panjenengane asingidan ana ing ngarepmu, satemah banjur ora mireng, iku sakehing dosamu.


Sanadyan padha ngopeni anak-anake nganti gedhe, mesthi Sundadekake ora duwe anak, satemah ora ana manungsa maneh. Lah, bilai uga wong-wong iku samangsa wus padha Suntilar!


Bareng ana ing kana kowe lagi padha nggoleki Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan iya bakal ketemu, anggere anggonmu nggoleki kanthi gumolonging ati lan gumolonging nyawamu.


sarta kang ngladosi pangibadah ing panggonan kang suci, yaiku ing sajrone tarub kang sejati, yasane Gusti Allah sarta dudu gaweaning manungsa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan