Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 33:6 - Kitab Sutji

6 Marga saka iku wong Israel padha ora nganggo rerenggan maneh, wiwit saka ing gunung Horeb iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 33:6
7 Iomraidhean Croise  

Anadene Sang Musa saben-saben ngengen wedhuse Imam Yitro, kang rama marasepuh, imam ing Midian. Nalika ing sawijining dina pinuju nggiring wedhuse nganti ngliwati wates pasamunan, lan rawuh ing gununge Gusti Allah, yaiku gunung Horeb,


Ing kono wong akeh banjur padha nyopoti anting-antinge mas kang ana ing kupinge somahe lan anak-anake, sarta diaturake marang Rama Harun.


Nalika bangsa iku krungu pangandika pangancam kang nggegirisi iku, banjur padha susah, lan ora ana siji-sijia kang manganggo rerenggane.


Marga wus ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira nglantarna pangandikaningSun marang wong Israel: Sira iku bangsa kang wangkal. Saupama Ingsun tindak ana ing tengahira munga sadhela bae, mesthi sira bakal padha Suntumpes. Kang iku saiki sira padha nyelehna rerengganira, nuli Ingsun bakal nggalih, apa kang bakal Suntandukake marang sira.”


Sawuse iku Nabi Musa banjur mendhet tarub sarta ditancebake ing sajabane palereban kapara adoh, iku diarani Tarub Pasewakan. Saben wong kang ngupaya marang Pangeran Yehuwah, iku nuli mara menyang ing Tarub Pasewakan kang ana ing sajabane palereban.


Pialanira bakal ngrangket sira, lan pamurtadira bakal nyiksa sira! Wruhanira lan waspadakna, sapira ala lan perihe sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira iku; sarta ora gumeter wedi marang Ingsun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.


Wong Niniwe iku padha ngandel marang Gusti Allah, mulane tumuli padha ngundhangake puwasa lan manganggo bagor, wiwit kang diwasa tumeka bocah-bocah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan