Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 33:5 - Kitab Sutji

5 Marga wus ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira nglantarna pangandikaningSun marang wong Israel: Sira iku bangsa kang wangkal. Saupama Ingsun tindak ana ing tengahira munga sadhela bae, mesthi sira bakal padha Suntumpes. Kang iku saiki sira padha nyelehna rerengganira, nuli Ingsun bakal nggalih, apa kang bakal Suntandukake marang sira.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 33:5
16 Iomraidhean Croise  

Ingsun bakal tumedhak lan niti-priksa, apa iya lakune iku cocog karo alok kang wus tumeka marang Ingsun apa ora?”


Dhawuhe Sang Malaekat: “Tanganira aja sira agagake marang si bocah, lan aja sira kapak-kapakake! Awitdene saiki Ingsun mirsa yen sira ngabekti marang Gusti Allah, nganti sira ora owel masrahake anakira lanang ontang-anting marang Ingsun.”


Ing sakedhap netra iku padha mati, ing wayah tengah wengi wong padha digawe geger lan banjur tumpes; wong kang santosa padha kasirnakake ora dening tanganing wong.


Dhuh Allah, kawula mugi Paduka jajagi tuwin manah kawula mugi Paduka uningani, kawula mugi Paduka dadar sarta Paduka mugi karsaa nguningani pangangen-angen kawula.


Saestu sanget sangsaranipun ing sakedhap netra punika, sami sirna, tumpes margi saking pagiris.


Karomaneh pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Ingsun wus nyatitekake bangsa iki, lah iki bangsa kang wangkal.


Marga saka iku wong Israel padha ora nganggo rerenggan maneh, wiwit saka ing gunung Horeb iku.


Ing nalika iku Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah dhawuh marang wong supaya nangis lan sesambat kalawan gundhul lan manganggo bagor;


Awit saka iku Ingsun sumurup, manawa sira iku wangkal, wangkot lan nggugu karepira dhewe,


Durakaning putrine bangsaku ngungkuli dosane Sodom, kang diwalik sajroning sakedhep netra, tanpa katiban ing tangan.


Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Nanging saiki uga, padha mratobata marang Ingsun kalawan gumolonging atinira, kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.”


“Sira padha sumingkira saka ing tengahe golongan iku, nuli bakal padha Suntumpes ing sakedhap netra.”


Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya.


Karomaneh kowe elinga, anggonmu wus dilakokake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan sajrone patang puluh taun iki, karsane ndadekake andhap-asormu lan nyoba marang kowe, supaya tetelaa apa kang ana ing sajrone atimu, yaiku apa kowe netepi pepakene apa ora.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan