PANGENTASAN 33:4 - Kitab Sutji4 Nalika bangsa iku krungu pangandika pangancam kang nggegirisi iku, banjur padha susah, lan ora ana siji-sijia kang manganggo rerenggane. Faic an caibideil |
Nabi Musa banjur ngandika marang Imam Harun lan marang Eleazar lan Itamar, para putrane Imam Harun: “Kowe aja padha sedhih lan aja padha susah, supaya aja padha mati lan wong sapasamuwan kabeh kena ing bebendune Pangeran Yehuwah. Mung para sadulurmu, yaiku wong Israel sabangsa kabeh, iku kang padha nangisa marga saka geni kang diurubake dening Pangeran Yehuwah iku.