Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 33:3 - Kitab Sutji

3 yaiku tanah kang luber puwan lan madu, sabab Ingsun ora bakal tindak ana ing tengahira, marga sira iku bangsa kang wangkal, supaya sira ora Suntumpes ana ing dedalan.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 33:3
33 Iomraidhean Croise  

Nanging padha ora gelem ngrungokake, malah banjur padha ngakokake githoke kaya dene para leluhure kang padha ora pracaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe.


apadene aja padha kaya para leluhure, kang padha wangkot lan mbalela, jenis kang ora antepan tuwin kang nyawane ora setya marang Gusti Allah.


Samangsa Pangeran Yehuwah wus ngirid kowe lumebu ing tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Hewi lan wong Yebus, nagara kang wus diprasetyakake klawan supaos marang para leluhurmu bakal kaparingake marang kowe, tanah kang luber puwan lan madu, nuli kowe padha netepana pranatan iki, ing sajroning sasi mangkene iki uga.


Sira dingati-ati ana ing ngarsane lan ngestokna marang dhawuh-dhawuhe, sira aja gawe duraka marang Panjenengane, awitdene panerakira ora bakal diapura, sabab asmaningSun ana ing batose.


Kang iku pangandikaningSun: Ingsun bakal ngluwari sira saka kasangsaran ing Mesir, Sunirid menyang tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, menyang tanah kang luber puwan lan madu.


Mulane Ingsun tumedhak karsa nguwalake umatingSun saka ing tangane wong Mesir, sarta Sunirid metu saka ing nagara iku menyang nagara kang becik lan jembar, nagara kang luber puwan lan madu, panggonane wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.


Ing kono Pangeran Yehuwah apiduwung ing bab bilai kang wus karancang bakal katandukake marang umate.


Marga wus ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira nglantarna pangandikaningSun marang wong Israel: Sira iku bangsa kang wangkal. Saupama Ingsun tindak ana ing tengahira munga sadhela bae, mesthi sira bakal padha Suntumpes. Kang iku saiki sira padha nyelehna rerengganira, nuli Ingsun bakal nggalih, apa kang bakal Suntandukake marang sira.”


unjuke: “Dhuh Pangeran, manawi kawula sampun manggih sih palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa tindak wonten ing tengah-tengah kawula; sanadyan bangsa punika bangsa ingkang wangkal, Paduka mugi ngapunten kalepatan saha dosa kawula sadaya; kawula mugi sami Paduka pundhut dados kagungan Paduka.”


Awit saka iku Ingsun sumurup, manawa sira iku wangkal, wangkot lan nggugu karepira dhewe,


supaya Ingsun bisa netepi ing supaos, kang Sundhawuhake marang para leluhurira, manawa bakal Sunparingi tanah kang luber powan lan madu, kaya kang kelakon ing wektu iki.” Nuli unjuk wangsulanku: “Mugi kelampahana makaten, dhuh Sang Yehuwah!”


Ing dina iku Ingsun supaos ana ing ngarepe manawa bakal padha Sunbekta saka ing tanah Mesir menyang ing tanah kang Sunpilih supaya dadia ebeke, nagara kang mili susu lan madu, tanah kang endah ing antarane sakehing nagara.


Nanging dhawuhingSun marang sira: Sira kang bakal padha ngebeki tanahe bangsa iku, sarta Ingsun kang bakal maringake marang sira dadi darbekira, tanah kang luber puwan lan madu; Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang misahake sira saka para bangsa.


Bareng Gusti Allah ngudaneni apa kang dilakoni wong-wong mau, yaiku anggone padha mratobat ninggal lakune kang ala, Gusti Allah banjur apiduwung ing bab anggone ngrancang arep ndhawahake bilai marang wong-wong mau, nuli iku diwurungake.


Nabi Yunus tumuli lumebet ing kutha kono, dohe nganti lakon sadina, banjur nguwuh-uwuh: “Kurang patang puluh dina, Niniwe mesthi bakal kagempur.”


Caritane mangkene: “Anggen kula sami panjenengan utus dhateng ing nagari punika inggih sampun kelampahan saged lumebet, mangka sayektos nagari wau luber puwan lan madu, lah punika angsal-angsalipun.


Bangsa iki bakal Sungebag kalawan pageblug lan bakal Suntumpes, nuli sira iku bakal Sundadekake bangsa kang luwih gedhe lan luwih kuwasa tinimbang karo iku.”


Manawa kita dadi keparenging panggalihe Pangeran Yehuwah, kita mesthi bakal padha kelakon diirid lumebu ing nagara iku lan nagara iku bakal diparingake marang kita, nagara kang luber puwan lan madu.


Apa durung cukup anggonmu nggawa aku kabeh metu saka ing tanah kang luber puwan lan madu, arep kokpateni ana ing pasamunan, dene saiki kok isih bae anggonmu nguwasani marang aku kabeh.


“Sira padha sumingkira saka ing tengahe golongan iku, nuli bakal padha Suntumpes ing sakedhap netra.”


“Sira padha sumingkira saka ing satengahe umat iki, wong-wong iku bakal padha Suntumpes sakedhap netra.” Karone banjur padha sumungkem sujud.


Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya.


Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat kaya geni memangsa, Allah kang ambek butajengan.


Ujer nganti patang puluh taun lawase wong Israel anggone padha lumaku ngliwati ara-ara samun, nganti wong sabangsa kabeh iku padha mati, yaiku golongan prajurit kang padha metu saka ing tanah Mesir, kang padha ora ngestokake marang pangandikane Sang Yehuwah, temahan padha kadhawahan supaos dening Sang Yehuwah; yaiku yen mesthi bakal ora kalilan ndeleng tanah kang wus kaprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhure klawan supaos, yen bakal diparingake marang kita, tanah kang luber powan lan madu;


Mulane – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel – lah Ingsun wus paring prajanji: Kulawarganira lan golonganira bakal urip ana ing ngarsaningSun ing salawase, nanging saiki – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –: prakara iku adoh banget saka Ingsun! Amarga sapa kang ngajeni Ingsun, bakal Sunajeni, nanging sing sapa ngremehake Ingsun bakal inganggep asor.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan