Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 33:2 - Kitab Sutji

2 Ingsun bakal nglampahake malaekat siji kang bakal lumaku ana ing ngarepira sarta bakal nundhungi bangsa Kanaan, bangsa Amori, bangsa Het, bangsa Feris, bangsa Hewi lan bangsa Yebus –

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 33:2
16 Iomraidhean Croise  

bangsa Amori, bangsa Kanaan, bangsa Girgasi lan bangsa Yebus.”


Sang Yehuwah Allah ing swarga, kang wus nimbali aku saka ing omahe bapakku lan saka tanahe kulawargaku, kang wus paring pangandika marang aku, malah nganggo supaos: Turunira bakal Sunparingi tanah iki, iya Panjenengane iku kang bakal ngutus malaekate lumampah ana ing ngarepmu, temah kowe mesthi bakal bisa ngolehake jodho anakku saka ing kana,


sarta wong Yebusi, wong Amori, wong Girgasi,


“Lah Ingsun bakal ngutus malaekat tindak ana ing ngarepira, perlu ngreksa lakunira ana ing dalan sarta ngirid lakunira menyang panggonan kang Suncawisake.


Kang iku pangandikaningSun: Ingsun bakal ngluwari sira saka kasangsaran ing Mesir, Sunirid menyang tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, menyang tanah kang luber puwan lan madu.


Mulane Ingsun tumedhak karsa nguwalake umatingSun saka ing tangane wong Mesir, sarta Sunirid metu saka ing nagara iku menyang nagara kang becik lan jembar, nagara kang luber puwan lan madu, panggonane wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.


Nanging samengko wis, sira lungaa, bangsa iku kairida menyang panggonan kang wus Sundhawuhake marang sira, lan malaekatingSun kang bakal lumaku ana ing ngarepira; nanging ing dina piwalesingSun, Ingsun bakal paring piwales tumrap dosane marang wong-wong iku.”


Nabi Musa banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Lah kawula Paduka pangandikani: Bangsa iki konen mangkat, mangka Paduka boten paring sumerep dhateng kawula, sinten ingkang badhe Paduka dhawuhi nyarengi kawula; ewadene sampun wonten pangandika Paduka dhateng kawula: Ingsun wanuh marang jenengira, lan sira iya wus oleh sih-mirma ana ing ngarsaningSun.


Nanging sira netepana prentahingSun marang sira ing dina iki. Lah Ingsun bakal nundhungi saka ngarepanira, wong Amori, wong Kanaan, wong Het, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.


awitdene Ingsun bakal nundhungi bangsa-bangsa saka ing ngarepira sarta ngelar jajahanira. Lan ora ana bangsa kang bakal melik ngebeki tanahira, angger sira tetep seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahira setaun rambah kaping telu.


Ing wektu iku Pangeran Yehuwah bakal ngayomi marang para isine Yerusalem, dalah panunggalane kang kajengklok bakal dadi kaya Sang Prabu Dawud sarta kulawargane Sang Prabu Dawud bakal padha dadi kaya Gusti Allah, kaya Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, kang dadi pangajenge.


Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal nundhungi para bangsa iku saka ing ngarepmu saka sathithik, ora kena enggal-enggal koktumpes, supaya cacahe buron alas aja nganti kakehan ngluwihi cacahmu.


Bareng sira wus padha nyabrang ing bengawan Yarden, lan wus tekan ing Yerikho, wong-wong ing kutha iku, wong Amori, wong Feris, wong Kanaan, wong Het, wong Girgasi, wong Hewi lan wong Yebus banjur padha nglawan perang, nanging padha Sunulungake ing tanganira.


Sarta maneh pangandikane Sang Senapati Yusak: “Iki dadia titikane enggonmu padha sumurup, yen Gusti Allah kang sipat gesang ana ing satengahmu, lan mesthi bakal nundhungi wong Kanaan, wong Het, wong Hewi, wong Feris, wong Girgasi, wong Amori lan wong Yebus, saka ing ngarepmu!


Sunluwari saka tangane wong Mesir lan saka ing tangane sakehing wong kang padha nindhes sira, wong-wong iku wus padha Suntundhungi saka ing ngarepira sarta nagarane Sunparingake marang sira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan