Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 33:16 - Kitab Sutji

16 Kadospundi sagedipun kasumerepan, manawi kawula sampun tampi sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, inggih kawula dalah umat Paduka punika? Punika rak margi Paduka nganti lampah kawula sadaya, ngantos kawula dalah umat Paduka punika kabedakaken kaliyan bangsa-bangsa ingkang wonten ing salumahipun bumi punika.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 33:16
15 Iomraidhean Croise  

Lan pundi wonten bangsa ingkang kados umat Paduka Israel ing salumahing bumi, ingkang Gusti Allahipun tumindak ngluwari bangsa punika, kadadosaken umatipun, supados angsala asma kagem Panjenenganipun srana nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang ageng lan nggegirisi kangge tiyang-tiyang punika, lan nundhungi para bangsa lan para allahipun saking ngajenging umatipun?


Amargi Paduka ingkang sampun misahaken tiyang-tiyang wau saking antawisipun sadaya bangsa ingkang wonten ing bumi, Paduka dadosaken kagungan Paduka, kadosdene ingkang sampun Paduka pangandikakaken lumantar Nabi Musa, abdi Paduka, nalika Paduka ngirid leluhur kawula sadaya medal saking ing tanah Mesir, dhuh Pangeran Yehuwah!”


Panjenengane ora nindakake mangkono tumrap sakehing bangsa, sarta para bangsa iku padha ora sumurup marang sarake. Haleluya.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Lah Ingsun nganakake prajanjian. Ana ing ngarepe bangsanira kabeh, Ingsun bakal nindakake kaelokan kang durung tau kelakon ana ing salumahing bumi ing satengahe sakehe bangsa; temah bangsanira kabeh bakal padha nyipati pakaryaning Yehuwah, awitdene apa kang bakal Suntindakake marang sira iku nyata-nyata nggegirisi.


unjuke: “Dhuh Pangeran, manawi kawula sampun manggih sih palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa tindak wonten ing tengah-tengah kawula; sanadyan bangsa punika bangsa ingkang wangkal, Paduka mugi ngapunten kalepatan saha dosa kawula sadaya; kawula mugi sami Paduka pundhut dados kagungan Paduka.”


Nanging tanah Gosyen kang dienggoni umatingSun ing dina iku Sunjabakake, dadi ing kono bakal ora ana laler cathak, supaya sira sumurup yen Ingsun Yehuwah, ana ing nagara kene.


Nanging dhawuhingSun marang sira: Sira kang bakal padha ngebeki tanahe bangsa iku, sarta Ingsun kang bakal maringake marang sira dadi darbekira, tanah kang luber puwan lan madu; Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang misahake sira saka para bangsa.


Sira padha dadia suci suamos marang Ingsun, awitdene Ingsun Yehuwah iku suci, lan sira wus padha Sunpisahake saka para bangsa, supaya dadia kagunganingSun.


temtu badhe cariyos dhateng tiyang ingkang sami manggen ing nagari ngriki, ingkang sampun sami mireng, bilih Paduka Pangeran Yehuwah, wonten ing tengahipun bangsa punika, saha bilih Paduka sampun ngatingal dhateng bangsa punika kalayan aben ajeng, saha bilih sami kaeyuban ing mega Paduka, punapa malih anggen Paduka ngirid lampahipun punika manawi siyang srana tugu mega, manawi dalu srana tugu latu.


Awit bangsa iku dakdeleng saka ing pucake gunung-gunung parang daksawang saka ing pagunungan. Lah iku bangsa kang manggon ndhewe, lan ora gelem kepetung kegolong tunggale bangsa liya.


“Lah, sang kenya bakal nggarbini sarta mbabar putra kakung, kang asmane bakal sinebut Emanuel, tegese: Gusti Allah nunggil kalawan kita.”


Mulane: Sira padha metua saka ing wong iku, lan sira misaha, mangkono pangandikane Pangeran, lan aja padha nggepok senggol samubarang kang najis, tumuli sira bakal padha Suntarimah.


Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?


Awit ngendi ana bangsa gedhe kang allahe cedhak kaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita samangsa kita sambati.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan