PANGENTASAN 33:12 - Kitab Sutji12 Nabi Musa banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Lah kawula Paduka pangandikani: Bangsa iki konen mangkat, mangka Paduka boten paring sumerep dhateng kawula, sinten ingkang badhe Paduka dhawuhi nyarengi kawula; ewadene sampun wonten pangandika Paduka dhateng kawula: Ingsun wanuh marang jenengira, lan sira iya wus oleh sih-mirma ana ing ngarsaningSun. Faic an caibideil |
Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Wis, sira lungaa, mangkata saka ing kene, sira dalah bangsa kang wus sira irid lakune metu saka ing tanah Mesir iku, padha menyanga ing tanah kang wus Sunprasetyakake klawan supaos marang Abraham, Iskak lan Yakub mangkene: Turunira kang bakal Sunparingi tanah iku –
unjuke: “Dhuh Pangeran, manawi kawula sampun manggih sih palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa tindak wonten ing tengah-tengah kawula; sanadyan bangsa punika bangsa ingkang wangkal, Paduka mugi ngapunten kalepatan saha dosa kawula sadaya; kawula mugi sami Paduka pundhut dados kagungan Paduka.”
Ewadene saiki sira disantosa atinira, he Zerubabel! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – he, Imam Agung Yusak bin Yozadak, disantosa atinira! He sakehe para wong isine nagara, dipadha santosa atinira! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah; padha tumandanga, marga Ingsun nganthi marang sira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –.