Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 33:11 - Kitab Sutji

11 Pangeran Yehuwah anggone imbal pangandika karo Nabi Musa iku aben-ajeng kaya wong guneman karo kancane; sawuse mangkono Nabi Musa tumuli bali menyang ing palereban maneh, nanging abdine, Yusak bin Nun wong nom-noman iku ora lunga saka ing tarub.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 33:11
19 Iomraidhean Croise  

Panggonan kono mau dijenengake Yakub Pniel, ujare: “Aku wus ndeleng Allah adu arep, nanging nyawaku kapitulungan.”


Punapa Paduka sanes Gusti Allah kawula sadaya ingkang nundhungi para tiyang ingkang sami manggen ing tanah ngriki saking ing ngajenging umat Paduka Israel saha lajeng maringaken tanah wau dhateng tedhakipun Eyang Abraham mitra Paduka, kangge ing salami-laminipun?


muga-muga Panjenengane karsaa ngrampungi prakara ing antarane manungsa lan Gusti Allah tuwin manungsa lan pepadhane.


Nabi Musa banjur dhawuh marang Yusak: “Aku padha pilihna wong, banjur mapaga perang nglawan wong Amalek; sesuk aku bakal ngadeg ana ing pucake gunung klawan nyekel lantarane Gusti Allah.”


Nabi Musa banjur tindak karo Yusak abdine minggah ing gununge Gusti Allah.


Bareng Yusak krungu giyak-giyake wong akeh, banjur matur marang Nabi Musa: “Ing palereban kepireng swara suraking perang!”


Bareng wong kabeh padha ndeleng tugu mega mapan ana ing lawangane tarub, wong sabangsa padha ngadeg, tumuli sumungkem sujud, saben wong ana ing lawanging tarube dhewe.


Manawa Nabi Musa lumebet ing tarub mau, tugu mega nuli mudhun mapan ana ing lawangane tarub, sarta Pangeran Yehuwah banjur imbal pangandika karo Nabi Musa.


Ingsun iki Yehuwah, yaiku asmaningSun; Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang wong liyane utawa kasuwuringSun marang reca.


Yusak bin Nun, kang wiwit nom mula dadi abdine Nabi Musa, tumuli matur: “Dhuh bendara kula Musa, mugi panjenengan pambengi!”


ora kaya mangkono mungguh abdiningSun Musa, iku tumemen ana ing sapadalemaningSun kabeh,


aben lesan anggoningSun ngandikan, klawan terus terang, ora klawan cangkriman, malah nganti kalilan ndeleng pasemone Pangeran Yehuwah. Kang iku yagene sira kok ora wedi nutuh marang abdiningSun Musa iku?”


Mangkono pangandikane, tumuli disambeti maneh: “Lazarus sadulur kita lagi turu, anggonKu mrana prelu arep nggugah anggone turu.”


Kang nduweni panganten wadon iku panganten lanang, dene mitrane panganten lanang kang ngadeg ing sacedhake lan nilingake, iku bungah banget ngrungokake swarane panganten lanang iku. Iya iku kabungahanku lan kang kaya mangkono iku saiki wus katutugan.


Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa; “Lah wus cedhak anggonira bakal mati, mulane Yusak undangen banjur padha ngadega ana ing Tarub Pasewakan, bakal Sunpangandikani.” Nabi Musa lan Yusak banjur padha jumeneng ana ing Tarub Pasewakan.


Ing sabanjure wus ora ana nabi maneh kang jumeneng ing antarane Israel kang madhani Nabi Musa, kang ditepangi dening Pangeran Yehuwah aben-ajeng,


Pangeran Yehuwah wus ngandikani kowe kalawan aben-ajeng saka satengahing geni ana ing gunung,


Temah kayektenan nas kang surasane mangkene: “Anadene Rama Abraham pracaya marang Gusti Allah, mangka iya iku kang kaetung dadi kasampurnane.” Amarga saka iku Rama Abraham kasebut: “Mitrane Gusti Allah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan