Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 33:10 - Kitab Sutji

10 Bareng wong kabeh padha ndeleng tugu mega mapan ana ing lawangane tarub, wong sabangsa padha ngadeg, tumuli sumungkem sujud, saben wong ana ing lawanging tarube dhewe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 33:10
7 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Sang Prabu nuli minger mberkahi sapasamuwane Israel kabeh, anadene sapasamuwane Israel kabeh padha ngadeg.


Sang Prabu Suleman banjur jumeneng ana ing ngarepe misbyahe Sang Yehuwah, kaadhep ing sapasamuwane Israel kabeh, sarta ngegarake astane marang ing langit tuwin munjuk:


dene Gusti Allah tindak ana ing ngarepe, ing wayah awan ana ing tugu mega kang diagem nuntun lakune, lan ing wayah bengi ana ing tugu geni kang diagem madhangi, supaya padha bisa mbanjurake lakune rina lan wengi.


Pangeran Yehuwah anggone imbal pangandika karo Nabi Musa iku aben-ajeng kaya wong guneman karo kancane; sawuse mangkono Nabi Musa tumuli bali menyang ing palereban maneh, nanging abdine, Yusak bin Nun wong nom-noman iku ora lunga saka ing tarub.


Manawa Nabi Musa lumebet ing tarub mau, tugu mega nuli mudhun mapan ana ing lawangane tarub, sarta Pangeran Yehuwah banjur imbal pangandika karo Nabi Musa.


Bangsa mau banjur ngandel, sarta bareng krungu yen Pangeran Yehuwah wus nuweni marang wong Israel lan wus mirsani ing kasangsarane, temah padha jengkeng sujud.


Kosokbaline juru-mupu-beya iku mung ngadeg ana ing kadohan, malah tumenga marang ing langit bae ora wani, nanging mung tebah-tebah dhadha sarta munjuk mangkene: Dhuh Allah, kawula tiyang dosa mugi Paduka welasi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan