Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 33:1 - Kitab Sutji

1 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Wis, sira lungaa, mangkata saka ing kene, sira dalah bangsa kang wus sira irid lakune metu saka ing tanah Mesir iku, padha menyanga ing tanah kang wus Sunprasetyakake klawan supaos marang Abraham, Iskak lan Yakub mangkene: Turunira kang bakal Sunparingi tanah iku –

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 33:1
18 Iomraidhean Croise  

Kacarita Sang Yehuwah nuli ngatingal marang Rama Abram sarta ngandika: “Turunira bakal Sunparingi tanah iki.” Rama Abram banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah kang wus ngatingal marang panjenengane mau.


Ing dina iku Sang Yehuwah damel prasetyan karo Rama Abram, pangandikane: “Turunira bakal Sunparingi tanah iki, wiwit saka kali ing Mesir nganti tekan ing bengawan gedhe Efrat,


Nalika iku ing tanah kono kambah ing pailan, iki dudu pailan sing dhisik kang kelakon nalika jamane Rama Abraham. Rama Iskak tumuli tindak menyang Gerar manggihi Sang Prabu Abimelekh rajane bangsa Filisti.


Sira tetepa manggon ana ing tanah kene dadi wong manca, dene Ingsun bakal nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, marga sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh, sarta Ingsun bakal netepi sumpah kang wus Sundhawuhake marang Abraham bapakira.


Anadene Yakub mangkat saka Bersyeba menyang ing Haran.


Sang Yusuf banjur ngandika marang para sadhereke: “Ora suwe maneh aku bakal mati, nanging Gusti Allah mesti bakal ngreksa kowe, lan kowe bakal padha diangkatake saka ing tanah kene menyang tanah kang wus diprasetyakake kalawan sumpah marang Eyang Abraham, Iskak lan Yakub.”


Nanging sarehne wong-wong padha ngorong, mulane padha nggrundeli marang Nabi Musa, ature: “Kenging punapa kula sami panjenengan angkataken medal saking Mesir, njalari kula, anak-anak lan kewan kula sami pejah kasatan?”


Nalika bangsa iku sumurup, yen Nabi Musa nganti lawas ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha nglumpuk ana ing ngarsane Rama Harun, ature: “Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhe tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.”


Paduka mugi karsaa enget dhateng abdi Paduka, Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Israel, ingkang sampun Paduka paringi prasetya kanthi supaos dhemi sarira Paduka pribadi saha sami Paduka pangandikani: Turunira bakal Suntangkar-tangkarake nganti kaya lintang ing langit, lan tanah kang wus Sunjanjekake iku kabeh bakal Sunparingake marang turunira, supaya dadi darbeke ing salawas-lawase.”


Nanging samengko wis, sira lungaa, bangsa iku kairida menyang panggonan kang wus Sundhawuhake marang sira, lan malaekatingSun kang bakal lumaku ana ing ngarepira; nanging ing dina piwalesingSun, Ingsun bakal paring piwales tumrap dosane marang wong-wong iku.”


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira mangkata, mudhuna, awitdene bangsanira kang wus sira irid lakune metu saka ing tanah Mesir iku wus tumindak duraka.


Nanging dhawuhingSun marang sira: Sira kang bakal padha ngebeki tanahe bangsa iku, sarta Ingsun kang bakal maringake marang sira dadi darbekira, tanah kang luber puwan lan madu; Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang misahake sira saka para bangsa.


Punapa kawula ingkang ngandhut bangsa punika sadaya, punapa inggih kawula ingkang nglairaken, dene ngantos Paduka dhawuhi: Sira boponga, kaya emban anggone mbopong pasusone, kagawaa menyang tanah kang wus Sunprasetyakake klawan sumpah marang para leluhure.


Inggih panjenenganipun punika ingkang ngirid medal tiyang-tiyang wau sarana nindakaken mukjijat-mukjijat tuwin pratandha-pratandha wonten ing tanah Mesir, wonten ing Saganten Abrit tuwin wonten ing ara-ara-samun, ngantos kawan dasa taun dangunipun.


Wruhanira, nagara iku wus Sunulungake marang sira; padha lumebua, manggona ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang leluhurira Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake marang dheweke kabeh lan saturun-turune.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan