PANGENTASAN 32:9 - Kitab Sutji9 Karomaneh pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Ingsun wus nyatitekake bangsa iki, lah iki bangsa kang wangkal. Faic an caibideil |
Lah saiki aja padha ngakokake githokmu, kaya para leluhurmu. Masrahna awakmu marang Pangeran Yehuwah lan padha menyanga ing pasucen kang wus kasucekake kanggo ing salawas-lawase sarta padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya bebendune kang mulad-mulad sumingkira saka ing kowe kabeh.
Dene sami lumuh mirengaken tuwin boten ngengeti dhateng kaelokan ingkang Paduka tindakaken wonten ing satengahipun; sami ngakenaken githokipun, malah sami nekad badhe mangsuli pangawulanipun wonten ing tanah Mesir. Nanging Paduka punika Gusti Allah ingkang sugih pangapunten, asihdarma tuwin ambek welasan, sabar saha agung sihsusetyanipun. Paduka boten karsa negakaken para leluhur kawula wau.
Marga wus ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira nglantarna pangandikaningSun marang wong Israel: Sira iku bangsa kang wangkal. Saupama Ingsun tindak ana ing tengahira munga sadhela bae, mesthi sira bakal padha Suntumpes. Kang iku saiki sira padha nyelehna rerengganira, nuli Ingsun bakal nggalih, apa kang bakal Suntandukake marang sira.”
unjuke: “Dhuh Pangeran, manawi kawula sampun manggih sih palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa tindak wonten ing tengah-tengah kawula; sanadyan bangsa punika bangsa ingkang wangkal, Paduka mugi ngapunten kalepatan saha dosa kawula sadaya; kawula mugi sami Paduka pundhut dados kagungan Paduka.”