Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 32:8 - Kitab Sutji

8 Enggal temen anggone nyleweng saka dalan kang wus Suntedahake; wus padha gawe reca pedhet mas cor-coran, sarta iku banjur padha disujudi lan disajeni kurban, klawan pangucape: He Israel, iki allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 32:8
18 Iomraidhean Croise  

Sawuse digalih-galih, Sang Prabu banjur yasa pedhet emas lanang loro sarta banjur ngandika marang wong kabeh: “Wus cukup suwe anggonira padha lunga menyang Yerusalem. He Israel, saiki delengen allah-allahira, kang wus nuntun sira metu saka ing tanah Mesir.”


Malah sanadyan sami damel pedhet cor-coran tuwin sami ngucap: ‘Iki Gusti Allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir!’, saha sami nindakaken kanisthan ingkang ageng,


Ana ing gunung Horeb padha gawe reca pedhet, sarta sujud marang reca cithakan;


Nanging padha ngapusi Panjenengane kalawan cangkeme lan nggorohi Panjenengane kalawan ilate.


Sira aja padha gawe brahala salaka utawa mas ana ing sandhingingSun.


Sing sapa sesajen marang para allah lan ora marang Pangeran Yehuwah, kudu disirnakake.”


Sawuse Rama Harun nampeni iku mau kabeh, tumuli didhapur sarana katatah dadi pepethan pedhet cor-coran. Ing kono pangucape wong akeh: “He Israel! Iku allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir.”


Kang iku sira aja nganti gawe prajanjian karo wong isine tanah kono; samangsa bangsa iku padha bedhangan lan ngetut-buri marang allahe lan padha sesaji marang allahe, sira bakal padha diulemi, lan sira bakal padha melu mangan kurban sembelehane.


Wong ngetokake emas saka ing kanthonge lan mbobot salaka kalawan timbangan, banjur ngopahi wong dikon nggawekake allah nganggo bakal mau, nuli disembah-sembah lan uga disujudi!


ora kaya prajanjian kang Sundamel karo leluhure, nalika Ingsun nganthi tangane, ing wektu ngentasake para wong iku saka ing tanah Mesir; prajanjian iku wus diselaki; sanadyan Ingsun jumeneng Gusti, kang nguwasani wong-wong iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.


Aja ana kang padha sesaji kurbane maneh marang para dhemit, marga nyembah marang dhemit iku kalebu bedhang. Iku dadia pranatan ing salawase kanggo wong-wong iku nganti turun-tumurun.


padha sesajen marang para roh reged kang dudu Allah, marang allah kang padha ora diwanuhi, allah anyar kang lagi bae jumedhul, kang ora diwedeni dening para leluhurmu.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang aku, mangkene: Sira ngadega, dienggal mudhuna, awit bangsanira kang sira entasake saka ing tanah Mesir iku wus nglakoni duraka; enggal temen anggone padha nyleweng saka ing dalan kang wus Sundhawuhake, wus padha gawe sesembahan reca cor-coran.


Aku tumuli weruh, sanyata-nyata kowe wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus padha gawe reca pedhet cor-coran; enggal temen anggonmu padha nyleweng saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Sang Yehuwah marang kowe.


Bareng wus ketemu karo wong bani Ruben lan wong bani Gad tuwin separoning talere Manasye ana ing tanah Gilead, wong-wong iku tumuli padha dipituturi mangkene:


Nanging para hakim mau uga padha ora dipreduli, awit padha bebedhangan ngetutake allah liya-liyane klawan padha disujudi. Wong Banisrael padha nyimpang saka ing dalan ambah-ambahane para leluhure kang padha ngestokake ing pepakone Sang Yehuwah, sarta padha nglakoni kang ora pantes.


Sarta maneh pangandikane Sang Gidheon: “Mung saprakara kang dadi panjalukku marang kowe kabeh: sawiji-wijining panunggalanmu ngwenehana aku anting-anting, saka ing jarahane.” – Amarga mungsuhe mau padha nganggo anting-anting, jer iku padha wong Ismael –


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan