Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 32:4 - Kitab Sutji

4 Sawuse Rama Harun nampeni iku mau kabeh, tumuli didhapur sarana katatah dadi pepethan pedhet cor-coran. Ing kono pangucape wong akeh: “He Israel! Iku allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 32:4
36 Iomraidhean Croise  

Sawuse digalih-galih, Sang Prabu banjur yasa pedhet emas lanang loro sarta banjur ngandika marang wong kabeh: “Wus cukup suwe anggonira padha lunga menyang Yerusalem. He Israel, saiki delengen allah-allahira, kang wus nuntun sira metu saka ing tanah Mesir.”


Sawuse mangkono Sang Prabu Yerobeam mranata dina gedhe ing dina kang kaping limalas sasi wolu, kayadene dina gedhe Yehuda, sarta panjenengane piyambak minggah ing undhak-undhakaning misbyah. Kaya mangkono kang katindakake ana ing Betel: panjenengane caos kurban marang pedhet-pedhet kang wus kadamel mau, tuwin banjur paring bubuhan marang para imam tengger pangurbanan kang wus kaedegake.


Sabanjure Sang Prabu Yehu ngandika: “Padha nemtokna dina gedhe kanggo nganakake pakumpulan suci tumrap Baal!”


Mung bae Sang Prabu Yehu ora nebihi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel iya banjur padha nglakoni dosa, yaiku dosa ndedewa pedhet emas kang ana ing Betel lan ing Dhan.


lan tumuli ngangkat imam-imam piyambak kanggo tetengger-tetengger pangurbanan, kanggo para jim lan kanggo pepethan-pepethan pedhet kang wus kayasa.


Kowe kabeh mesthi padha ngira, manawa bisa nanggulangi karajaning Yehuwah, kang diasta dening para tedhaking Sang Prabu Dawud, amarga cacah-jiwamu akeh banget sarta kowe padha duwe pedhet emas gaweane Yerobeam kang kadadekake allahmu.


Malah sanadyan sami damel pedhet cor-coran tuwin sami ngucap: ‘Iki Gusti Allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir!’, saha sami nindakaken kanisthan ingkang ageng,


“Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, ing tanah pangawulan.


Sira aja padha gawe brahala salaka utawa mas ana ing sandhingingSun.


Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi.


patrape kaya juru ngukir sesotya, saemper ngukir cap, kaya mangkono anggonira ngukir jenenge para anake Israel ana ing sesotya loro mau; banjur sira wenehana embanan mas.


Karodene sira njupuka sesotya krisopras loro lan ing kono kaukira jenenge para anake Israel.


Nalika bangsa iku sumurup, yen Nabi Musa nganti lawas ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha nglumpuk ana ing ngarsane Rama Harun, ature: “Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhe tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.”


Kula lajeng mangsuli makaten: Sapa kang duwe mas dicopota! Tiyang-tiyang wau lajeng ngladosaken masipun dhateng kula, lajeng kula lebetaken ing latu, ingkang muncul reca pedhet punika.”


Ing kono wong akeh banjur padha nyopoti anting-antinge mas kang ana ing kupinge somahe lan anak-anake, sarta diaturake marang Rama Harun.


Mangkono Pangeran Yehuwah anggone matrapi bangsa iku, awit wus padha akon gawe pedhet, kang banjur kayasa dening Rama Harun mau.


Bareng Rama Harun mirsa, banjur yasa misbyah ana ing sangarepe pepethan pedhet iku, Rama Harun nuli nguwuh: “Sesuk riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah!”


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira mangkata, mudhuna, awitdene bangsanira kang wus sira irid lakune metu saka ing tanah Mesir iku wus tumindak duraka.


Enggal temen anggone nyleweng saka dalan kang wus Suntedahake; wus padha gawe reca pedhet mas cor-coran, sarta iku banjur padha disujudi lan disajeni kurban, klawan pangucape: He Israel, iki allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir.”


Kowe bakal nganggep najis marang reca-recamu kang sinelut ing salaka utawa kang kalapis emas; iku bakal kokbuwang kayadene lawon kang najis kanthi kokcelathoni: “Sumingkira!”


Wong ngetokake emas saka ing kanthonge lan mbobot salaka kalawan timbangan, banjur ngopahi wong dikon nggawekake allah nganggo bakal mau, nuli disembah-sembah lan uga disujudi!


Anggone laku jina wiwit saka ing tanah Mesir iku ora diuwis-uwisi, amarga wiwit enome wus tumindak mangkono, kaelus-elus dhadhane kang isih prawan, lan banjur padha ngesokake derenging napsune marang dheweke.


Para wong saisine Samaria padha gumeter, ing ngatase pedhete Bet-Awen. Lah rakyate bakal sedhih marga saka iku, sarta para imame padha sesambat, marga wus koncatan kamulyane.


Tekan saiki padha terus bae anggone gawe dosa, sarta gawe reca cor-coran salaka, iya gawe brahala-brahala manut kapinterane; kabeh iku gaweane para tukang. Wong-wong padha dicelathoni: Padha saosa kurban! Manungsa kareben ngabekti marang pedhet-pedhet!


Sarehning kita punika trahing Allah, mila kita boten kenging gadhah pamanggih, bilih kawontenanipun Gusti Allah punika kadosdene jene utawi salaka utawi sela, ingkang kawujudaken dening kagunan saha kalangkunganipun manungsa.


Kala samanten lajeng sami damel rerekan pedhet, sarta brahala punika nunten dipun sajeni, saha lajeng sami sukan-sukan ing bab punapa ingkang dipun damel piyambak punika.


lan kita aja nganti padha dadi wong nyembah brahala kaya sawenehing panunggalane, kaya kang katulisan, wiraose: “Wong akeh iku padha lelungguhan, mangan lan ngombe; banjur padha ngadeg lan seneng-seneng.”


Aku tumuli weruh, sanyata-nyata kowe wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus padha gawe reca pedhet cor-coran; enggal temen anggonmu padha nyleweng saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Sang Yehuwah marang kowe.


Sarta maneh pangandikane Sang Gidheon: “Mung saprakara kang dadi panjalukku marang kowe kabeh: sawiji-wijining panunggalanmu ngwenehana aku anting-anting, saka ing jarahane.” – Amarga mungsuhe mau padha nganggo anting-anting, jer iku padha wong Ismael –


Mas mau tumuli ditanjakake Gidheon kanggo gawe efod, kang banjur diprenahake ana ing kuthane, ing Ofra. Wong Israel kabeh banjur padha tumindak sedheng klawan nyembah efod mau ana ing kono, sarta iku dadi kalajiret tumrap Sang Gidheon dalah saisining daleme.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan