Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 32:34 - Kitab Sutji

34 Nanging samengko wis, sira lungaa, bangsa iku kairida menyang panggonan kang wus Sundhawuhake marang sira, lan malaekatingSun kang bakal lumaku ana ing ngarepira; nanging ing dina piwalesingSun, Ingsun bakal paring piwales tumrap dosane marang wong-wong iku.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 32:34
21 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, Paduka sampun paring wangsulan dhumateng tiyang wau sadaya. Paduka punika Gusti Allah, ingkang remen ngapunten tumrap para tiyang punika, nanging ingkang ugi paring piwales dhateng pandamelipun.


Punika Paduka asta saha Paduka tanem wonten ing redi kagungan Paduka piyambak, ing panggenan ingkang Paduka agem dados padaleman Paduka, dhuh Yehuwah; ing pasucen yasaning asta Paduka, dhuh Pangeran.


Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,


“Lah Ingsun bakal ngutus malaekat tindak ana ing ngarepira, perlu ngreksa lakunira ana ing dalan sarta ngirid lakunira menyang panggonan kang Suncawisake.


Kang iku pangandikaningSun: Ingsun bakal ngluwari sira saka kasangsaran ing Mesir, Sunirid menyang tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, menyang tanah kang luber puwan lan madu.


Nabi Musa banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Lah kawula Paduka pangandikani: Bangsa iki konen mangkat, mangka Paduka boten paring sumerep dhateng kawula, sinten ingkang badhe Paduka dhawuhi nyarengi kawula; ewadene sampun wonten pangandika Paduka dhateng kawula: Ingsun wanuh marang jenengira, lan sira iya wus oleh sih-mirma ana ing ngarsaningSun.


Ingsun bakal nglampahake malaekat siji kang bakal lumaku ana ing ngarepira sarta bakal nundhungi bangsa Kanaan, bangsa Amori, bangsa Het, bangsa Feris, bangsa Hewi lan bangsa Yebus –


ing salebeting karupekanipun sadaya. Sanes duta utawi utusan, nanging Panjenenganipun piyambak ingkang ngluwari; Panjenenganipun ingkang nebus margi saking tresna tuwin welasipun. Ing jaman kina sami dipun junjung saha dipun gendhong.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap bangsa iki: “Wong iku padha seneng nglembara lan ora ngampah sikile. Mulane ora ndadekake keparenge Sang Yehuwah, nanging samengko Panjenengane karsa ngengeti durakane lan arep ngukum dosane.”


Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang para pangon kang ngengon bangsaku, mangkene: “Sira wus ngetogake bae wedhus-wedhusingSun buyar lan pating slebar, ora sira reksa. Mulane wruhanira, Ingsun bakal males marang sakehing panggawenira kang ala, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.


Apa Ingsun ora bakal matrapi paukuman marang wong kang padha tumindak mangkono? – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. – Apa Ingsun ora males ukum marang bangsa kang kaya mangkono iku?”


Wong-wong iku apa ora Sunukum, marga saka iku kabeh? – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. – Apa Ingsun ora males marang bangsa kang kaya mangkono iku?


Padha seneng saos kurban sembelehan, padha saos daging lan padha mangan iku; nanging iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah. Saiki panerake bakal diengeti, lan dosane bakal kaukum. Wong-wong mau kudu padha bali menyang Mesir!


“Ing dina anggoningSun ngukum Israel, marga saka panggawe-panggawene kang ala, Ingsun iya bakal ndhawahake paukuman marang misbyah-misbyahe Betel, temah sungune misbyah iku padha ditugeli lan padha tiba ing lemah.


“Mung sira kang Sunudaneni, saka sakehe bangsa ing salumahing bumi, mulane sira bakal Sunukum marga saka sakehe kaluputanira.


Ing ngriku kawula lajeng sesambat dhateng Pangeran Yehuwah, saha Sang Yehuwah nyembadani panyuwun kawula, lajeng ngutus malaekat ingkang nuntun kawula sadaya saking tanah Mesir. Sapunika kawula sami wonten ing Kadesy, nagari ingkang kaprenah wonten ing tapel-watesipun talatah paduka.


supaya kowe padha katempuhna wutahing getihe wong kang ora salah wiwit saka Abil wong kang mursid iku, nganti tekan Zakharia anake Berekhya, kang kokpateni ana ing antarane papan suci lan misbyah.


Ingsun kang kagungan wewenang pepulih lan males, ing mangsane sikile nggloyori, awitdene wus cedhak dinaning karusakane, sarta enggal bakal nekani apa kang dadi pepesthene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan