PANGENTASAN 32:32 - Kitab Sutji32 Ewasamanten sapunika Paduka mugi karsaa ngapunten dosanipun, dene manawi boten kepareng, nama kawula kemawon mugi Paduka icali saking kitab seratan Paduka.” Faic an caibideil |
Ingsun bakal ngacungake astaningSun nglawan para nabi kang ndeleng prakara kang ora nyata lan kang ngucapake pameca-pameca kang goroh, wong-wong iku ora klebu ing golonganing umatingSun lan ora bakal kapengetan dadi turuning Israel, lan ora bakal lumebu maneh ing tanah Israel, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.
“Ing nalika iku uga Sang Mikhael, pemimpin agung iku, bakal rawuh ngamping-ampingi turune bangsamu, lan bakal ana mangsa karubedan kang gedhe, kang durung tau kelakon wiwit anane bangsa-bangsa nganti tumeka ing wektu iku. Nanging nalika iku bangsamu bakal bisa oncat, yaiku sing sapa jenenge katulis ana ing Kitab iku.
Pangeran Yehuwah banjur tumedhak ing sajroning mega sarta ngandika marang Nabi Musa; karomaneh Roh kang dumunung ing Nabi Musa iku salong kapundhut, kaparingake marang para pinituwa pitung puluh iku. Kacarita bareng padha kadunungan Roh, tumuli padha medhar wangsit kaya nabi, nanging sawuse iku wus ora maneh.
Mulane besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus kelakon maringi tentrem marang kowe, uwal saka sakehe mungsuh ing saubengmu, ana ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka darbekmu lan tanah-pusakamu, kowe banjur nyirnakna pangeling-eling marang Amalek saka ing sangisore langit. Iku kowe aja nganti lali!”
Pangeran Yehuwah mesthi ora ngapura marang wong kang mangkono iku, malah bakal kataman ing bebendu lan kasujanane Pangeran Yehuwah kang makantar-kantar, sarta bakal katempuh ing sakehe sumpah kang katulisan ana ing kitab iki, apadene Sang Yehuwah bakal nyirnakake jenenge saka ing sangisoring langit;
Kewan kang kokdeleng iku maune ana, nanging saiki ora ana, lan bakal njedhul saka ing teleng, sarta marani ing karusakan. Anadene para kang manggon ana ing bumi, kang jenenge ora katulisan ing buku kauripan wiwit jagad tinalesan, iku bakal padha kaeraman, samangsa padha weruh si kewan, dene maune ana saiki ora ana, mangka bakal ana maneh.