Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 32:31 - Kitab Sutji

31 Nabi Musa banjur sowan marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah sarta munjuk: “Adhuh, bangsa punika sampun nglampahi dosa ageng, dene sampun sami damel allah mas kangge sesembahan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 32:31
12 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka punika mahaadil, amargi kawula sami taksih dipun parengaken lestantun kados dene tiyang ingkang oncat, kadosdene ingkang kelampahan ing dinten punika. Lah sapunika kawula sami sowan wonten ing ngarsa Paduka, klayan mbekta kalepatan kawula. Mangka saestunipun ing salebeting kawontenan ingkang makaten wau, boten wonten tiyang ingkang saged lestantun wonten ing ngarsa Paduka.”


Malah sanadyan sami damel pedhet cor-coran tuwin sami ngucap: ‘Iki Gusti Allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir!’, saha sami nindakaken kanisthan ingkang ageng,


Nanging Paduka ingkang leres tumrap sakathahing samukawis ingkang dhumawah ing kawula punika, amargi Paduka tumindak setya, saha kawula ingkang sami nglampahi duraka.


Sira aja padha gawe brahala salaka utawa mas ana ing sandhingingSun.


Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi.


Esuke Nabi Musa ngandika marang bangsa iku: “Kowe wus padha nglakoni dosa gedhe, nanging saiki aku dakmunggah seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, bokmanawa aku bisa ngolehake karukunan marga saka dosamu iku.”


Nabi Musa anggone ana ing kono kalawan Sang Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, ora dhahar roti lan ora ngunjuk banyu. Anadene panjenengane nyerati sakehing tetembunganing prajanjian ana ing papan watu, yaiku Sabda Sepuluh.


Sadaya tiyang Israel sampun sami nerak pepaken Paduka tuwin sami nyimpang, awit boten mirengaken swanten Paduka! Awit saking punika kawula sampun sami kadhawahan ing ipat-ipat saha supaos, ingkang kaserat ing Kitab Toretipun Nabi Musa, abdinipun Gusti Allah punika, amargi kawula sampun nglampahi dosa dhumateng Panjenenganipun.


Kawula sampun sami nglampahi dosa tuwin kalepatan, kawula sampun sami nglampahi duraka saha sampun sami mbalela, kawula sampun sami nyimpang saking pepaken saha pranatan Paduka;


Dhuh Yehuwah, kawula sadaya, para ratu kawula, para pangageng kawula saha para leluhur kawula sampun samesthinipun manawi wirang, amargi kawula sampun sami nglampahi dosa dhumateng Paduka.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan