Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 32:30 - Kitab Sutji

30 Esuke Nabi Musa ngandika marang bangsa iku: “Kowe wus padha nglakoni dosa gedhe, nanging saiki aku dakmunggah seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, bokmanawa aku bisa ngolehake karukunan marga saka dosamu iku.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 32:30
22 Iomraidhean Croise  

Yagene sira kok nyawiyah marang Sang Yehuwah kanthi tindakira kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah? Uria wong Het iku kok sira pateni klawan pedhang; bojone sira alap lan Uria sira purih patine srana pedhange bani Amon.


Bokmanawa Sang Yehuwah bakal nggalih marang kasangsaraningsun iki lan Panjenengane males kabecikan marang ingsun minangka lirune anggoningsun diipat-ipati ing dina iki.”


Nalika Panjenengane methal Israel saka ing kulawargane Sang Prabu Dawud, Israel banjur ngangkat Yerobeam bin Nebat kadadekake ratu, nanging Sang Prabu Yerobeam dadi jalarane wong Israel padha ninggal Pangeran Yehuwah, satemah padha nglakoni panggawe dosa kang gedhe.


Nabi Musa lan Imam Harun iku panunggalane para imame, tuwin nabi Samuel iku panunggalane kang padha nyebut asmane, iku padha nyebut asmaning Yehuwah, nuli kaparingan wangsulan.


Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngandika: “Wiwit samengko kowe padha misungsungna awakmu marang Pangeran Yehuwah, siji-sijine padha misungsungna nyawane anake lanang lan sadulure, temah kowe padha kaparingan berkah ing dina iki.”


Piala iku sengitana lan rumaketa marang kabecikan, njejegna kaadilan ana ing gapurane kutha, bokmanawa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa tumitah bakal karsa paring kawelasan marang kekarene turune Yusuf.


Sapa ngreti, mbokmanawa Gusti Allah banjur santun panggalihe sarta apiduwung tuwin karsa nyirep bebendune kang mulad-mulad iku, satemah kita ora sida katumpes.”


Imam Harun banjur mendhet padupan kaya kang dadi dhawuhe Nabi Musa, sarta enggal-enggal lumayu menyang ing satengahe para umat, lan wewelake wus katon wiwit nempuh marang wong-wong mau, genine nuli didokoki dupa sarta nganakake pirukun kanggo bangsa iku.


minangka prajanjian kaimaman kanggo ing salawase tumrap awake dhewe lan turune, marga kalawan mempeng anggone wus mbelani Allahe sarta nganakake pirukun kanggo wong Israel.”


Aku dakmulih menyang ing daleme bapakku lan matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng swarga lan dhumateng bapak,


Mulane Aku pitutur marang kowe: Dosane kang akeh iku wis kaapura, amarga wis nindakake katresnan akeh. Nanging kang kaapura sathithik, iya nindakake katresnan sathithik.”


Awit aku iki iya saguh kena ing ipat-ipat, sarta kapegat saka Sang Kristus marga saka para sadulurku, golonganing bangsaku mungguhing daging.


Sang Kristus wus nebus kita saka laknate angger-anggering Toret srana dadi laknat piyambak marga saka kita, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat saben wong kang digantung ing kayu salib iku!”


lan bisa nuntun wong kang seneng madoni kalawan alus, sabab bokmanawa Pangeran paring pamratobat marang wong-wong mau sarta bisa nuntun marang karahayon,


Kang iku padha akon-ingakonana dosamu sarta padha donga-dinongakna supaya kowe padha waluya. Pandongane wong mursid, kang kaaturake kalawan kayakinan iku gedhe banget dayane.


Saiki rak lagi mangsane panen gandum? Aku bakal nyebut marang Sang Yehuwah, supaya Panjenengane paring gludhug lan udan. Padha sumurupa lan ngrumangsanana, yen gedhe pialamu kang koklakoni ana ing ngarsane Sang Yehuwah, yaiku anggonmu nyuwun ratu, kang ngereh kowe.”


Wong sabangsa kabeh padha matur marang Nabi Samuel: “Panjenengan karsaa ndongakaken para abdi panjenengan dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, supados kula sampun ngantos sami pejah, amargi anggen kula nyuwun ratu, kula mewahi dosa kula, jalaran saking piawon punika.”


Lan Nabi Samuel ngandika marang bangsa iku: “Aja padha wedi, pancen kowe wus padha nglakoni piala iki, nanging aja kendhat anggonmu ngetutwuri Sang Yehuwah, malah anggonmu ngabekti marang Sang Yehuwah diklawan gumolonging atimu.


Mungguh ing aku, muga adoha saka ing dosa marang Sang Yehuwah, nganti leren anggonku ndongakake kowe; aku bakal nuduhake kowe marang dalan kang becik lan bener.


Dadi dosane wong anom loro iku gedhe banget ana ing ngarsane Sang Yehuwah, amarga banget nyepelekake kurban, kang katur marang Sang Yehuwah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan