Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 32:29 - Kitab Sutji

29 Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngandika: “Wiwit samengko kowe padha misungsungna awakmu marang Pangeran Yehuwah, siji-sijine padha misungsungna nyawane anake lanang lan sadulure, temah kowe padha kaparingan berkah ing dina iki.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 32:29
11 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu ngandika marang para wong Lewi, kang padha aweh piwulang marang wong Israel lan para wong kang kasucekake kagem Pangeran Yehuwah: “Pethi suci iku prenahna ana ing dalem yasane Sang Prabu Suleman putrane Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel. Ora usah sira usung maneh. Saiki sira padha leladia marang Pangeran Yehuwah, Allahira, lan Israel, umate!


Wong bani Lewi banjur padha ngestokake apa sadhawuhe Nabi Musa, temah ing dina iku panunggalane umat kang padha mati watara wong telung ewu.


Esuke Nabi Musa ngandika marang bangsa iku: “Kowe wus padha nglakoni dosa gedhe, nanging saiki aku dakmunggah seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, bokmanawa aku bisa ngolehake karukunan marga saka dosamu iku.”


Nindakake kabeneran lan kaadilan iku anggone gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah ngluwihi kurban.


Lan saupama isih ana wong kang muncul dadi nabi, bapa-biyunge kang nganakake dheweke bakal padha nyelathoni mangkene: Kowe iku aja urip bae, marga apa kang kokucapake demi asmane Sang Yehuwah iku goroh! Bapakne lan ibune kang wus nganakake wong iku bakal banjur nyuduk anake, nalika pinuju medhar wangsit.


Sing sapa nresnani bapa utawa biyunge nganti ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anake lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan