Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 32:27 - Kitab Sutji

27 Nuli padha kadhawuhan: “Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel mangkene: Kabeh padha nyengkelita pedhang ana ing lambungmu, palerebane padha dlajahana saka ing gapura siji terus tekan ing gapura sijine, lan saben wong matenana sadulure, kancane lan tangga-teparone!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 32:27
12 Iomraidhean Croise  

Sawuse sesaji kurban obaran, Sang Prabu Yehu dhawuh marang para prajurit lan marang para opsir: “Padha lumebua, wong iku padha patenana, aja nganti ana siji bae kang bisa oncat!” Wong mau tumuli padha dipateni kalawan landheping pedhang, jisime kabuwang; para prajurit lan para opsir banjur lumebu ing gedhong kabuyutane Baal.


Nabi Musa banjur jumeneng mapan ana ing gapurane palereban sarta ngandika: “Sing sapa nganggep marang Pangeran Yehuwah, majua mrene!” Ing kono bani Lewi padha maju kabeh marang ing ngarsane Nabi Musa.


Wong bani Lewi banjur padha ngestokake apa sadhawuhe Nabi Musa, temah ing dina iku panunggalane umat kang padha mati watara wong telung ewu.


Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngandika: “Wiwit samengko kowe padha misungsungna awakmu marang Pangeran Yehuwah, siji-sijine padha misungsungna nyawane anake lanang lan sadulure, temah kowe padha kaparingan berkah ing dina iki.”


Dene sapangrunguku wong liya-liyane padha dipangandikani mangkene: “Wong iku etutna, kutha iku dlajahana lan sira menthungana nganti mati! Sira aja ngrasa eman lan aja nandukake piwelas.


Nabi Musa banjur ngandika marang para hakim Israel: “Kowe padha matenana wong-wongmu kang wus gegandhengan karo Baal-Peor.”


“Manawa ana wong kang sowan ing ngarsaKu, mangka ora sengit marang bapakne, ibune, bojone, anak-anake, sadulur-sadulure lanang utawa wadon, malah nyawane dhewe pisan, iku ora bisa dadi siswaKu.


Mulane wiwit saiki aku ora padha mbobot sawiji-wijia wong maneh manut ukuraning manungsa. Lan manawa aku wus padha tau mbobot Sang Kristus cara kadagingan, saiki aku ora padha mbobot Panjenengane kanthi patrap mangkono maneh.


Wonge dibenturana watu nganti mati, marga wus duwe pangangkah arep ndadekake murtadmu saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing omah pangawulan.


Saupama sadulurmu lanang, anake biyungmu utawa anakmu lanang utawa wadon, utawa somahmu dhewe utawa mitramu, kalawan dhedhemitan mbujuk marang kowe, pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan iya ora diwanuhi dening para leluhurmu,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan