Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 32:26 - Kitab Sutji

26 Nabi Musa banjur jumeneng mapan ana ing gapurane palereban sarta ngandika: “Sing sapa nganggep marang Pangeran Yehuwah, majua mrene!” Ing kono bani Lewi padha maju kabeh marang ing ngarsane Nabi Musa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 32:26
8 Iomraidhean Croise  

Lan ana sawijining balane Sang Yoab ngadeg sacedhake mayit iku sarta ngucap: “Sapa kang rumaket marang Sang Yoab lan milih Sang Prabu Dawud, enggal nututana Sang Yoab.”


Sang Prabu Yehu nuli tumenga marang ing cendhela mau sarta ngandika: “Sapa kang ngguyubi aku? Sapa?” Bareng ana punggawa kraton loro telu kang padha mandeng marang panjenengane, Sang Prabu Yehu tumuli dhawuh:


Sapa kang mbiyantu aku nglawan marang para wong ala, sapa kang mbiyantu aku nglawan marang para wong kang nglakoni piala?


Bareng Nabi Musa mirsa yen bangsa iku kaya jaran kang mbedhal saka ing gedhongan, marga Rama Harun kang ngeculake, temah dadi pepoyokane para satrune.


Nuli padha kadhawuhan: “Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel mangkene: Kabeh padha nyengkelita pedhang ana ing lambungmu, palerebane padha dlajahana saka ing gapura siji terus tekan ing gapura sijine, lan saben wong matenana sadulure, kancane lan tangga-teparone!”


Sing sapa ora ngrujuki marang Aku, iku nglawan marang Aku, lan sing sapa ora melu ngumpulake karo Aku, iku mbuyarake.


ingkang ngucap bab bapa-biyungipun: Aku ora mreduli; saha ingkang boten purun tepang kaliyan para sadherekipun sarta boten mreduli dhateng anak-anakipun. Awitdene tiyang-tiyang Lewi punika sami ngestokaken dhawuh Paduka saha netepi prajanjian Paduka.


Nalika Sang Senapati Yusak ana ing sacedhake nagara Yerikho, bareng pinuju mirsan-mirsani, katon ana priya jumeneng ing ngarsane, ngasta pedhang ligan, tumuli dipurugi Sang Yusak kalawan pitaken: “Panjenengan punika kanca punapa mengsah?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan