Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 32:25 - Kitab Sutji

25 Bareng Nabi Musa mirsa yen bangsa iku kaya jaran kang mbedhal saka ing gedhongan, marga Rama Harun kang ngeculake, temah dadi pepoyokane para satrune.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 32:25
17 Iomraidhean Croise  

Unjuke kang kadangu: “Kawula mireng swaraning tindak Paduka wonten ing patamanan, temah kawula ajrih, amargi wuda; pramila kawula lajeng ndhelik.”


Sawuse digalih-galih, Sang Prabu banjur yasa pedhet emas lanang loro sarta banjur ngandika marang wong kabeh: “Wus cukup suwe anggonira padha lunga menyang Yerusalem. He Israel, saiki delengen allah-allahira, kang wus nuntun sira metu saka ing tanah Mesir.”


Panjenenganipun badhe ngeculaken tiyang Israel margi saking dosa-dosa ingkang sampun dipun lampahi dening Sang Prabu Yerobeam saha ingkang njalari tiyang Israel inggih lajeng damel dosa.”


Kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah ngesorake Yehuda, amarga Sang Prabu Akhas, ratu Israel iku, ngendelake bae marang tindak mblasar kang kelakon ana ing Yehuda sarta wus ora setya marang Pangeran Yehuwah.


Nabi Musa banjur jumeneng mapan ana ing gapurane palereban sarta ngandika: “Sing sapa nganggep marang Pangeran Yehuwah, majua mrene!” Ing kono bani Lewi padha maju kabeh marang ing ngarsane Nabi Musa.


Manawa ora ana wangsit, rakyat dadi urakan, rahayu wong kang netepi angger-angger.


Kareben wewadinira katon ngeblak lan cikben kanisthanira katon! Ingsun bakal ndhawahake piwales lan ora bakal ngeman wong siji-sijia,


Prayogane aku marani para wong gedhe, lan rembugan karo wong-wong iku, amarga wong iku kang padha ngreti marang margine Sang Yehuwah, angger-anggere Gusti Allahe.” Nanging kabeh-kabeh wus padha mutungi pasangan lan medhoti tali-talining panancang.


tuwin marga saka kang mangkono iku sira bakal tansah eling marang dhek biyen lan ngrasa isin, nganti cangkemira mingkem babar pisan awit saka kawiranganira, nalika Ingsun nganakake panebus tumrap sakehing panggawenira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Sarta wong-wong kang wus padha turu ana ing lebuning bumi, akeh kang padha tangi, ana kang banjur kaganjar urip langgeng, ana kang ngrasakake kanisthan lan pagiris kang langgeng.


Anadene anak-anake padha ora Sunwelasi, awitdene iku padha anak sundel.


He wong isine Safir, enggal mangkata, kalawan wuda lan kawirangan. Wong isine Zaanan ora wani metu. Pangadhuhe Bet-Haezel ngalang-alangi angonmu tetep ana ing kono.


Lan apa oleh-olehanmu? Kabeh iku njalari kowe saiki banjur padha rumangsa isin amarga wekasane iku pati.


Kamas Harun iya didukani banget, nganti karsane iya bakal ditumpes. Kamas Harun iya dakdongakake uga ing nalika samana.


“Wruhanira, Ingsun rawuh kaya maling. Rahayu, wong kang jumaga lan kang ngrumat sandhangane, supaya anggone lumaku aja nganti kalawan wuda lan katon kawirangane.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan