Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 32:22 - Kitab Sutji

22 Nanging wangsulane Rama Harun: “Sampun ngantos duka bendara kula, panjenengan pirsa piyambak bilih bangsa punika sampun kawengku ing piawon,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 32:22
17 Iomraidhean Croise  

Yehuda tumuli maju nyedhak sarta matur: “Kawula nuwun, dhuh gusti, abdi dalem mugi keparenga munjuk atur sakedhik wonten ngarsanipun gusti kawula, saha mugi sampun ngantos duka dhateng abdi dalem; amargi panjenengan dalem punika sami kados Sang Prabu Pringon.


Tembung kang kawetu saka cangkeme iku isi piala lan kaculikan, wis mari anggone tumindak wicaksana lan nglakoni kabecikan.


sarta ature marang Nabi Musa: “Punapa amargi ing Mesir boten wonten kuburanipun, kula kok lajeng panjenengan bekta, supados sami pejah wonten ing pasamunan punika? Punapaa dene kula sami panjenengan damel makaten, panjenengan irid medal saking tanah Mesir?


Wong akeh tumuli padha ngedumeli marang Nabi Musa, pangucape: “Ingkang sami kula ombe punapa?”


Ewadene ana kang ora nggugu marang dhawuhe Nabi Musa, padha ngengehake nganti esuke, nuli dadi set lan mambu bacin, mulane padha didukani dening Nabi Musa.


Ing kono pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Nganti besuk apa anggonira padha ora gelem netepi prentah lan angger-anggeringSun?


Nalika bangsa iku sumurup, yen Nabi Musa nganti lawas ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha nglumpuk ana ing ngarsane Rama Harun, ature: “Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhe tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.”


Nabi Musa tumuli ngandika marang Rama Harun: “Bangsa iki nandukake apa marang kowe, dene kowe nganti nekakake dosa kang samono gedhene marang wong-wong iki?”


awit wong iku padha ora bisa turu, yen durung nindakake piala, ngantuke ilang, yen durung gawe kesandhunge wong;


Awitdene aku ngerti marang wangkote atimu lan kakune githokmu. Salagine aku isih urip ana ing tengahmu bae, kowe wus padha ngatonake wangkotmu marang Sang Yehuwah, mendahane maneh yen aku wus ngajal.


Malah kowe iku padha nglawan marang Sang Yehuwah wiwit aku wanuh karo kowe.


“Elinga, aja lali, yen kowe wus padha ndadekake dukane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan. Wiwit budhalmu saka ing tanah Mesir nganti tekamu ing kene iki, kowe tansah padha nglawan marang Pangeran Yehuwah.


Wangsulanipun Sang Prabu Saul: “Sadaya punika anggenipun mbekta saking tanah Amalek, amargi para tiyang sami ngeman menda-menda lan lembu-lembu ingkang sae piyambak, niyatipun badhe kangge kurban sumaos dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, nanging salangkungipun sampun sami kula sirnakaken.”


Nanging rakyat sami mendheti jarahan ingkang rupi menda, punapa dene, lembu-lembu ingkang pethingan, ingkang dipun pisah saking ingkang pancen badhe kapejahan, badhe kakurbanaken sumaos dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, wonten ing Gilgal.”


Pangandikane Prabu Saul marang Nabi Samuel: “Kula sampun nglampahi dosa, amargi sampun nerak dhawuhipun Sang Yehuwah lan pangandika panjenengan; sarehne kula ajrih dhateng rakyat milanipun kula nuruti panyuwunipun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan