Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 32:21 - Kitab Sutji

21 Nabi Musa tumuli ngandika marang Rama Harun: “Bangsa iki nandukake apa marang kowe, dene kowe nganti nekakake dosa kang samono gedhene marang wong-wong iki?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 32:21
11 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Abimelekh banjur utusan nimbali Rama Abraham, tumuli dipangandikani: “Punapa ingkang panjenengan tandukaken dhateng kula punika lan kula kalepatan punapa dhateng panjenengan, dene panjenengan kok ndhatengaken dosa ageng dhateng kula lan kedhaton kula? Ingkang panjenengan tandukaken dhateng kula punika boten pantes sanget.”


Nanging Sang Prabu Abimelekh ngandika: “Punapa ta ingkang panjenengan tandukaken dhateng kula sadaya punika? Gampil sanget kalampahan wonten tiyang bangsa ngriki ingkang ngantos nilemi ingkang garwa, rak margi saking makaten panjenengan lajeng ndhatengaken kalepatan dhateng kula sadaya?”


Panjenenganipun badhe ngeculaken tiyang Israel margi saking dosa-dosa ingkang sampun dipun lampahi dening Sang Prabu Yerobeam saha ingkang njalari tiyang Israel inggih lajeng damel dosa.”


Sarta kulawarganira bakal Sundamel kaya kulawargane Yerobeam bin Nebat tuwin kaya kulawargane Baesa bin Ahia, amarga sira gawe gerahing panggalihingSun, sarta njalari wong Israel padha nglakoni dosa.


Reca pedhet gaweane wong-wong mau banjur dipundhut dening Nabi Musa, diobong sarta diejur-ejur nganti dadi lembut banget, tumuli disawurake ing banyu lan wong Israel padha didhawuhi ngombe banyu iku.


Nanging wangsulane Rama Harun: “Sampun ngantos duka bendara kula, panjenengan pirsa piyambak bilih bangsa punika sampun kawengku ing piawon,


Nanging Nabi Samuel matur: “Manawi makaten kenging punapa kok wonten pangembeking menda lan pambengahing lembu ingkang kapireng ing kuping kawula?”


Milanipun, gusti kawula Sang Prabu mugi miyarsakna aturipun abdi dalem punika. Manawi Pangeran Yehuwah ingkang ngosikaken panjenengan dalem supados nglawan dhumateng kawula, mugi Pangeran sinaosana gandaning kurban sesaosan, nanging manawi punika para anaking manungsa, kenginga ipat-ipat wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, amargi tiyang-tiyang punika sami nundhung kawula, temah kawula boten angsal panduman saking kagunganipun Gusti Allah kaliyan tembungipun: Lungaa, ngabektia marang allah liyane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan