Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 32:20 - Kitab Sutji

20 Reca pedhet gaweane wong-wong mau banjur dipundhut dening Nabi Musa, diobong sarta diejur-ejur nganti dadi lembut banget, tumuli disawurake ing banyu lan wong Israel padha didhawuhi ngombe banyu iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 32:20
10 Iomraidhean Croise  

Malah Sang Putri Maakha, kang eyang putri, kalungsur pangkate anggone jumeneng ibusori, jalaran yasa reca Asyera kang nistha. Reca kang nistha iku kaebrukake dening Sang Prabu Asa lan kaobong ana ing lebake kali Kidron.


Misbyah kang ana ing Betel, tengger pangurbanan kang didamel Sang Prabu Yerobeam, bin Nebat, kang njalari wong Israel padha nglakoni dosa, misbyah lan tengger pangurbanan iku uga karubuhake, watu-watune dipecahi, kaejur-ejur dadi awu, lan sakaning brahala kaobong.


Tugu-tugu brahala padha diwetokake saka ing padalemaning Sang Yehuwah, saka ing kutha Yerusalem, digawa menyang ing kali Kidron padha diobong ana ing kono lan diejur-ejur nganti lembut dadi awu sarta banjur kabuwang ana ing pakuburaning rakyat lumrah.


Misbyah-misbyahe para Baal padha dibubrahi ana ing ngarsane; padupan-padupan kang ana ing dhuwure padha diejur-ejur; tugu-tugu brahala padha diremuki lan digecaki, uga reca-reca tatahan lan reca-reca cithakan, nuli disawur-sawurake ing kuburane wong kang padha sesaji kurban marang brahala-brahala iku.


Nabi Musa tumuli ngandika marang Rama Harun: “Bangsa iki nandukake apa marang kowe, dene kowe nganti nekakake dosa kang samono gedhene marang wong-wong iki?”


mulane bakal padha mangan wohing panggawene, sarta padha wareg dening rancangane dhewe.


Wong kang atine murtad, kawaregan dening lakune dhewe, dene wong becik dening sabarang kang diduweni.


Reca-recane allahe padha obongen nganti entek, salaka lan mase aja kokmeliki lan aja kokepek dhewe, supaya kowe aja nganti kena kala; awitdene iku jember mungguh ing ngatase Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Nanging bangsa-bangsa iku padha etrapana mangkene: Misbyahe padha rubuhna, lan tugu-tugune brahala padha remukana, saka-sakane brahala padha sirnakna, lan reca-recane padha kaobonga nganti entek.


Nanging wohing panggawemu kang dosa, yaiku reca pedhet mau dakjupuk lan dakobong, nuli dakgecak lan dakgiling nganti lembute sabledug; bubukane banjur dakbuwang menyang ing kali kang mili saka ing gunung.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan