2 “Pangandikane Rama Harun marang wong-wong mau: Kowe padha nyopotana anting-anting mas kang ana ing kupinge somahmu, lan anak-anakmu lanang lan wadon, nuli gawenen mrene kabeh.”
Kacarita bareng untane wus padha wareg anggone ngombe, abdi mau tumuli njupuk ali-ali mas bobot satengah sekel lan gelang sapasang bobot sepuluh sekel emas kanggo tangane bocah wadon mau,
Kula tumunten pitaken: Kowe iku anake sapa? Wangsulanipun: Anakipun Bapak Betuel putranipun Embah Nahor patutan saking Embah Milka. Lajeng kula enggeni sesupe ing irungipun saha gelang ing tanganipun.
Sakehe wong kang lila legawa atine, lanang wadon, padha teka nggawa anting-anting irung, anting-anting kuping, ali-ali cap lan kalung, sawernaning barang mas-masan; mangkono uga saben wong kang nyaosake pisungsung mas kagem Pangeran Yehuwah minangka pisungsung goyangan,
Kowe bakal nganggep najis marang reca-recamu kang sinelut ing salaka utawa kang kalapis emas; iku bakal kokbuwang kayadene lawon kang najis kanthi kokcelathoni: “Sumingkira!”
Rerengganira kang kagawe saka emasingSun lan salakaningSun, kang Sunparingake marang sira uga sira jupuk lan sira anggo gawe reca-reca lanang sarta sira banjur tumindak nistha kalawan reca-reca iku.
Mulane Ingsun bakal mundhut baline gandumingSun ing kala mangsane, lan angguringSun ing saben wektune, apadene ngrampas wol lan lenaningSun kang kanggo nutupi kawirangane.