Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 32:19 - Kitab Sutji

19 Kacarita bareng wus cedhak ing palereban, sarta mirsa reca pedhet lan wong-wong padha jejogedan, Nabi Musa banjur duka banget, nganti papan watu loro mau dibanting, temah pecah ana ing sikile gunung.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 32:19
20 Iomraidhean Croise  

Lan Sang Prabu Dawud beksa-beksa kalawan mempeng ana ing ngarsane Sang Yehuwah, panjenengane ngagem rasukan efod lena.


Kawula nepsu dhateng para tiyang duraka ingkang sami nilar angger-angger Paduka.


Ing kono Ibu Miryam, nabi putri, sadhereke Rama Harun, banjur ngasta terbang, kadherekake sakehe wong wadon karo ngunekake terbang padha jejogedan.


Nanging Nabi Musa banjur ngudi nglilihake panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, punapaa bebendu Paduka ngantos mulad-mulad dhateng umat Paduka, ingkang sampun Paduka irid medal saking tanah Mesir kanthi pangwaos ingkang ageng saha asta ingkang rosa?


Nanging pangandikane Nabi Musa: “Iku dudu swaraning kidung kaunggulan lan iya dudu kidung pangadhuh marga kasoran, aku krungu swarane kidung saur-sauran.”


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira mrejenga papan watu loro kaya kang dhisik, papan mau bakal Sunserati pangandika padha kaya kang ana ing papan sakawit kang wus sira remuk iku.


ora kaya prajanjian kang Sundamel karo leluhure, nalika Ingsun nganthi tangane, ing wektu ngentasake para wong iku saka ing tanah Mesir; prajanjian iku wus diselaki; sanadyan Ingsun jumeneng Gusti, kang nguwasani wong-wong iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.


Kabingahaning manah kawula sampun ical, beksan kawula sami malih dados kasisahan.


Sawuse mangkono tekenku sijine yaiku kang jenenge “Talenan”, dakputung kanggo medhot pasadulurane Yehuda lan Israel.


Anadene Nabi Musa iku luwih dening alus bebudene, ngungkuli sakehe wong ing salumahe bumi.


Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa nepsu marang sadulure, kudu diukum; sing sapa ngunekake sadulure: kapir, kudu diukum dening pangadilan agama, lan sing sapa ngunekake: gemblung, mesthi kacemplungake ing naraka murub.


Bareng Gusti Yesus mirsa, Panjenengane duka, sarta para sakabat padha dipangandikani mangkene: “Cikben bocah-bocah padha sowan marang Aku, aja kokpenggak, amarga wong kang kaya mangkono iku kang nduweni Kratoning Allah.


Gusti sungkawa panggalihe nguningani wangkoting atine wong-wong iku, banjur padha dipirsani mubeng kalawan duka, nuli dhawuh marang kang ceko: “Jejegna tanganmu!” Tangane banjur diathungake, wis mari.


lan kita aja nganti padha dadi wong nyembah brahala kaya sawenehing panunggalane, kaya kang katulisan, wiraose: “Wong akeh iku padha lelungguhan, mangan lan ngombe; banjur padha ngadeg lan seneng-seneng.”


Manawa kowe nepsu aja nganti gawe dosa: srengenge aja nganti angslup sadurunge nepsumu ilang


Papan mau bakal Sunserati pangandika kaya kang maune ana ing papan kang dhisik kang wus sira pecah; nuli padha sira selehna ana ing jero pethi iku.


Kenaa ing laknat wong kang ora netepi ing pangandikaning angger-anggere Toret iki kalawan panggawe. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan