Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 32:17 - Kitab Sutji

17 Bareng Yusak krungu giyak-giyake wong akeh, banjur matur marang Nabi Musa: “Ing palereban kepireng swara suraking perang!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 32:17
20 Iomraidhean Croise  

iki nurunake Nun, iki nurunake Yusak.


Sabarang kang nggegirisi digeguyu, sarta ora tau wedi apadene ora gelem mundur manawa arep-arepan karo pedhang.


Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Masmur.


Nabi Musa banjur dhawuh marang Yusak: “Aku padha pilihna wong, banjur mapaga perang nglawan wong Amalek; sesuk aku bakal ngadeg ana ing pucake gunung klawan nyekel lantarane Gusti Allah.”


Nabi Musa banjur tindak karo Yusak abdine minggah ing gununge Gusti Allah.


Papan loro mau yasane Gusti Allah, tulisane iya seratane Gusti Allah pribadi, kaukir ana ing papan mau.


Nanging pangandikane Nabi Musa: “Iku dudu swaraning kidung kaunggulan lan iya dudu kidung pangadhuh marga kasoran, aku krungu swarane kidung saur-sauran.”


Esuke tumuli padha tangi sarta nyajekake kurban obaran lan kurban slametan, sawuse mangkono wong mau banjur padha mangan lan ngombe, nuli ngadeg sarta asumyak-sumyak.


Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi wus supaos demi sarirane piyambak: Sanadyan sira kebak manungsa nganti kaya walang, nanging wong bakal padha nguwuh marang sira panguwuhing perang.


Ingsun bakal nyumed geni ana ing sajroning baluwartine Raba, kang mangsa kadhatone nganti entek, binarung ing suraking paprangan, lan kinanthenan angin gedhe ing dinaning prahara,


Ingsun bakal kintun geni menyang ing Moab, kang mangsa kadhaton Keriot nganti entek; sarta Moab bakal tumpes ing satengahe rerusuh, binarung ing surak ing nalika kalasangka kaunekake.


Nanging Sang Yusak wus dhawuh marang wong kabeh mangkene: “Kowe aja padha surak-surak, malah aja nganti keprungu suwaramu lan aja ana tembung kang kawetu saka ing cangkemmu sanajana mung sakecap, nganti tumeka ing wektune anggonku dhawuh marang kowe: Padha surak-suraka! – kowe banjur padha surak-suraka.”


Nalika kaping pitune, bareng para imam ngunekake kalasangka, Senapati Yusak banjur dhawuh marang wong kabeh: “Padha surak-suraka, amarga Pangeran Yehuwah wus maringake kutha iki marang kowe!


Wong kabeh tumuli padha surak-surak binarung swarane kalasangka mau; sawuse wong sabangsa kabeh krungu swaraning kalasangka, banjur padha surak-surak kalawan sora. Dumadakan balowartine jugrug, lan wong kabeh tumuli padha munggah ing kutha, siji-sijine lumaku ngenut enere dhewe-dhewe lan ngrebut kutha mau.


Dene samangsa ana tengara kalasangka sungu wedhus muni melung, nalika sira padha krungu tengara kalasangka iku, wong kabeh nuli padha surak-suraka kang sora, sanalika balowartine kutha iku bakal jugrug, wong sabangsa banjur padha munggaha, saben wong lumakua manut ing enere dhewe-dhewe.”


Satekane ing Lekhi banjur dipapag dening wong Filisti klawan disuraki. Sang Simson katedhakan ing Rohe Sang Yehuwah, temah dhadhung kang ana ing baune dadi prasasat gagang rami kang kobong kena ing geni, sarta bebandane padha lebur udhar saka ing astane.


Ing wayah esuk umun-umun Dawud wis tangi, masrahake wedhus-wedhuse marang wong jaga, mikul gegawane lan banjur mangkat kaya kang kaprentahake dening Isai. Tekane ing pakemahan pinuju wadya-bala lagi budhal lan nata pabarisan sarta padha surak rame alok-alok perang.


Wong Israel lan wong Yehuda padha gumregah karo surak-surak lan banjur mbujeng wong Filisti nganti tekan ing sacedhake Gat lan gapurane Ekron. Lan wong kang padha dipateni saka panunggalane bangsa Filisti pating glimpang ana ing dalan kang anjog ing Saaraim, tekan ing Gat lan ing Ekron.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan