Sawuse Pangeran Yehuwah mungkasi pangandikane marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai, banjur maringi papan angger-angger loro, papan watu kang diserati dening racikaning Allah.
Nabi Musa tumuli mundur, mandhap saka ing gunung karo ngasta papan angger-angger loro, papan kang padha kaseratan sisih loro pisan, ing ngarep lan ing buri.
Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira mrejenga papan watu loro kaya kang dhisik, papan mau bakal Sunserati pangandika padha kaya kang ana ing papan sakawit kang wus sira remuk iku.
Nabi Musa banjur mrejeng papan watu loro kaya kang dhisik; ing wayah esuk tumuli wungu sarta minggah ing gunung Sinai, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, sarta ngasta papan watu loro mau.
Awit wus tetela, manawa kowe iku layange Sang Kristus, kang daktulis ing sajrone aku padha leladi, katulis ora nganggo mangsi, nanging nganggo Rohe Gusti Allah kang asipat gesang, dudu ing papan watu, nanging ing papan daging, yaiku ing atine manungsa.
Pranatan leladi kang nuntun marang pati iku katulis ing watu kalawan aksara. Ewasamono nalika kaparingake sinartan kamulyaning Allah, kang njalari wong Israel padha ora betah nyawang marang wedanane Nabi Musa, marga kadunungan kamulyan, sanadyan kamulyan mau bakal sirna,
“Ing nalika iku Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: Sira nataha papan watu loro kaya kang dhisik, nuli munggaha ing gunung iki sebaa marang ing ngarsaningSun; lan sira nuli gawea pethi kayu siji.
“Iya iki prajanjian kang bakal Sunanakake kalawan turune Israel sawise wektu iku,” mangkono pangandikane Pangeran. “Angger-anggeringSun bakal Sunparingake ana ing budine, sarta Sunserati ing atine, dene Ingsun bakal jumeneng Allahe sarta wong-wong iku bakal dadi umatingSun.