15 Nabi Musa tumuli mundur, mandhap saka ing gunung karo ngasta papan angger-angger loro, papan kang padha kaseratan sisih loro pisan, ing ngarep lan ing buri.
Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha ing gunung sowan marang ing ngarsaningSun, lan tetepa ana ing kono, nuli sira bakal Sunparingi papan watu, kang wus Sunserati angger-angger lan pepakon, supaya sira wulangna marang wong-wong iku.”
Nabi Musa tumuli lumebet ing satengahe mega sarta minggah ing ndhuwur gunung; dene Nabi Musa anggone ana ing ndhuwur gunung iku lawase patang puluh dina patang puluh bengi.
Sawuse Pangeran Yehuwah mungkasi pangandikane marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai, banjur maringi papan angger-angger loro, papan watu kang diserati dening racikaning Allah.
Kacarita nalika Nabi Musa tumedhak saka ing gunung Sinai, – papan angger-anggering Allah sakarone kaasta mandhap, nalika mandhap saka ing gunung mau – panjenengane ora mirsa yen kuliting pasuryane mencorong marga saka anggone wus imbal wacana karo Pangeran Yehuwah.
Awit wus tetela, manawa kowe iku layange Sang Kristus, kang daktulis ing sajrone aku padha leladi, katulis ora nganggo mangsi, nanging nganggo Rohe Gusti Allah kang asipat gesang, dudu ing papan watu, nanging ing papan daging, yaiku ing atine manungsa.
Pranatan leladi kang nuntun marang pati iku katulis ing watu kalawan aksara. Ewasamono nalika kaparingake sinartan kamulyaning Allah, kang njalari wong Israel padha ora betah nyawang marang wedanane Nabi Musa, marga kadunungan kamulyan, sanadyan kamulyan mau bakal sirna,
Iya pangandika iku mau kang didhawuhake dening Sang Yehuwah marang sapepake pasamuwanmu kanthi swara kang banter ana ing gunung ing satengahe geni lan mendhung sarta peteng ndhedhet, lan ora disambeti apa-apa maneh. Kabeh iku banjur diserat ing papan watu loro, tumuli diparingake marang aku.”
Ing kono ana misbyahe padupan emas sarta pethi prasetyan kang kalapis emas bleg; ing jerone ana gucine emas isi manna sarta lantarane Imam Agung Harun kang wus tau semi sarta watu blebekan prasetyan,
Aku tumuli sumurup kitab gulungan ana ing astane tengen kang lenggah ing dhampar mau, kang katulisan ing jero lan ing jaba lan disegel nganggo segel pitu.