PANGENTASAN 32:12 - Kitab Sutji12 Punapaa dene tiyang Mesir ngantos sami badhe reraosan: Anggone ngirid wong iku arep digawe sangsara lan arep dipateni ana ing gunung lan bakal ditumpes kasirnakake saka ing bumi? Paduka mugi karsaa nyirep mulad-mulading bebendhu Paduka, saha karsaa nggetuni bab bilai ingkang badhe Paduka dhawahaken dhateng umat Paduka. Faic an caibideil |
Kajengipun para pangageng kula kemawon ingkang sami makili sapasamuwan sadaya, dene sakathahipun tiyang ing kitha-kitha ingkang ngrabeni tiyang sanes bangsa punika kajengipun sami kasowanaken ing wekdal-wekdal ingkang sampun katamtokaken, kairid dening para sesepuhipun satunggal-tunggaling kitha saha para hakimipun, ngantos mulad-mulading bebendunipun Allah, margi saking prakawis punika, katebihaken saking kula.”
Ingkang punika manawi kawula pancen angsal sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, panyuwun kawula mugi kawula kasumerepna dhateng ing pangreh Paduka, supados kawula sageda mangertos Paduka, supados kawula tetep nampeni sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka. Paduka mugi karsaa enget, bilih bangsa punika umat Paduka.”
Para imam, para abdine Sang Yehuwah, padha nangisa ana ing antarane pandhapa lan misbyah, sarta munjuka: “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring piwelas dhateng umat Paduka, bangsa kagungan Paduka piyambak sampun ngantos kategakaken kawewada, temah dipun poyoki dening para bangsa. Punapaa ngantos wonten ujaripun tiyang ing antawisipun para bangsa: Gusti Allahe wong iku ana ing ngendi?”
supados nagari, pinangkanipun anggen kawula sami Paduka entasaken punika sampun ngantos sami cariyos: Sarehne Sang Yehuwah ora kaconggah nglebokake bangsa iku menyang ing tanah kang wus dijanjekake marang wong-wong iku, lan marga saka sengite, mulane wong iku padha diirid metu arep dipateni ana ing pasamunan.