PANGENTASAN 32:11 - Kitab Sutji11 Nanging Nabi Musa banjur ngudi nglilihake panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, punapaa bebendu Paduka ngantos mulad-mulad dhateng umat Paduka, ingkang sampun Paduka irid medal saking tanah Mesir kanthi pangwaos ingkang ageng saha asta ingkang rosa? Faic an caibideil |
Dhuh Yehuwah, punapa sababipun dene Paduka ngetogaken anggen kawula sami kesasar nyimpang saking ing margi Paduka, tuwin punapa sababipun dene Paduka mangkotaken manah kawula, satemah lajeng boten sami ajrih dhumateng Paduka? Paduka mugi karsaa wangsul margi saking para abdi Paduka, margi saking taler-talering bangsa kagungan Paduka!
Para imam, para abdine Sang Yehuwah, padha nangisa ana ing antarane pandhapa lan misbyah, sarta munjuka: “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring piwelas dhateng umat Paduka, bangsa kagungan Paduka piyambak sampun ngantos kategakaken kawewada, temah dipun poyoki dening para bangsa. Punapaa ngantos wonten ujaripun tiyang ing antawisipun para bangsa: Gusti Allahe wong iku ana ing ngendi?”