PANGENTASAN 32:1 - Kitab Sutji1 Nalika bangsa iku sumurup, yen Nabi Musa nganti lawas ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha nglumpuk ana ing ngarsane Rama Harun, ature: “Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhe tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.” Faic an caibideil |
ature: “Adhuh, punapaa kula boten sami pejah kemawon dening astaning Pangeran Yehuwah wonten ing tanah Mesir, nalika sami ngadhep kuwali isi daging sarta roti ngantos tuwuk? Awit anggen panjenengan ngirid kula dhateng pasamunan punika, murih kula sapasamuwan punika sami pejah sadaya, margi saking kaliren.”
Nanging banjur padha mbalela marang Ingsun lan ora gelem ngrungokake marang Ingsun; saben wong ora mbuwang dewa-dewane kang marakake najis, kang tansah dipandeng sarta ora ninggal brahala-brahala Mesir. Mulane karsaningSun bakal ngesokake bebenduningSun marang wong-wong iku, Sundhawahi dedukaningSun sakatoge ana ing satengahe tanah Mesir.
Wis sira ngadega, bangsa iku sucekna lan dhawuhana mangkene: Padha sesucia tumeka ing dina sesuk, amarga pangandikane Pangeran Yehuwah Allahe Israel mangkene: Ing tengahira ana barang sengkeran, he Israel, sira bakal ora bisa tahan ana ing ngarepe mungsuhira sadurunge sira padha nyingkirake barang sengkeran iku saka ing tengahira.