Ing antarane para tukang-tukang mau kang ahli banjur padha nggarap Tarub Suci kanthi migunakake tendha lena alus kang benange kaantih lan bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, lan bakal jingga cacahe sapuluh; lan ana kerube gaweane ahli tenun, kabeh iku kagawe ing wong.
Kaya mangkono anggone ngrampungake sakehe pagawean kang lumadi marang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan. Wong Israel anggone padha nggarap iku ngetrepi kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono anggone nggarap sakabehe.