Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 31:3 - Kitab Sutji

3 lan wus Sunpenuhi Rohing Allah, keahlian, kawasisan tuwin kawruh tumrap sawernaning pagawean,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 31:3
12 Iomraidhean Croise  

Milanipun Paduka mugi karsaa maringi dhumateng abdi Paduka manah ingkang saged nenimbang prakawis supados saged ngakimi umat Paduka kalayan saged mbedakaken punapa ingkang sae lan ingkang awon, awit sinten ta ingkang sagah ngakimi umat Paduka ingkang ageng sanget punika?”


Sawuse mangkono Sang Prabu Suleman utusan nimbali Hiram ing Tirus,


iku anak randha saka taler Naftali, dene bapakne iku wong Tirus, dadi tukang tembaga. Hiram iku sugih kapinteran, pangreten lan kawruh ing bab gegawean tembaga. Iku nuli sowan marang ngarsane Sang Prabu Suleman lan banjur nindakake sakehing pagawean kagem Sang Nata.


Milanipun sapunika, panjenengan mugi karsaa ngintunaken satunggaling tiyang ingkang ahli ing bab dedamelan jene, selaka, tembagi, tosan, kain wungu enem, badhe jingga, badhe wungu sepuh, saha ingkang ugi saged damel ukir-ukiran, supados mbiyantu para ahli ingkang wonten ing kula, ing Yehuda saha ing Yerusalem ingkang sampun sami tinuding rama kula Dawud.


Sira ndhawuhana marang sakehe para ahli, kang wus Sunesoki rohing kawasisan, padha konen gawe sandhangane Harun, kanggo nucekake dheweke, supaya dadia imam lumados marang Ingsun.


bisa ngrancang pagawean barang mas, salaka lan tembaga;


wus kaparingan Rohe Gusti Allah, temah nduweni keahlian, pangreten lan kawruh tumrap sarupane gegawean,


padha kaparingan keahlian bisa nggarap sarupane pagawean tukang, gaweane wong kang ahli, nggarap barang sulaman kang manca-warna saka bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus, apadene tenunan, ringkes bisa nggarap sakabehe pagawean lan ngrancang rupa-rupa.


Awitdene Sang Yehuwah kang paring kawicaksanan, saka ing lesane miyos kawruh lan kapinteran.


Bab adat pakulinan wus kaparingan piwulang, lan pituduh dening Allahe.


bakal jumeneng dadi rohing kaadilan tumrap wong kang lungguh nindakake pangadilan, lan dadi rohing kaprawiran tumrap wong kang ngundurake perang nganti tekan ing gapura.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan