Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 31:1 - Kitab Sutji

1 Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 31:1
6 Iomraidhean Croise  

Nabi Musa banjur nglempakake sapasamuwane wong Israel kabeh, sarta padha dipangandikani mangkene: “Iki pangandika kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah supaya padha dilakoni.


Nuli sakehe wong panunggalanira kang ahli padha tekaa lan gawea samubarang kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah,


Nabi Musa tumuli ngandika marang wong Israel: “Lah, Pangeran Yehuwah wus netepake Bezaleel bin Uri bin Hur, saka taler Yehuda,


Kaya mangkono anggone kudu nyambut-gawe Bezaleel lan Aholiab lan saben wong kang ahli, kang wus kaparingan keahlian lan pangreten dening Sang Yehuwah, temah padha ngreti pratikele nggarap sarupane pegawean kanggo ngadegake pasucen, nyondhongi apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah.”


Bezaleel bin Uri bin Hur saka Taler Yehuda, iku kang nggarap sabarang kang diprentahake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa,


Bubuhane ngrumat: pethi, meja, padamaran, misbyah lan piranti ing pasucen kang dianggo pangibadah, apadene geber, lan liya-liyane kang magepokan karo pagawean mau kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan