Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 30:8 - Kitab Sutji

8 Lan samangsa Harun nyumed damar ing wayah sore, Harun iya ngobonga maneh, dadi pangobonge dupa iku ajeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, ana ing satengahira turun-tumurun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 30:8
12 Iomraidhean Croise  

Nuli padha ngadeg ana ing ngarsane Sang Prabu Uzia lan matur: “Dhuh, Sang Prabu Uzia, paduka boten kagungan wewenang mbesmi dupa kagem Pangeran Yehuwah, namung para imam tedhakipun Rama Harun ingkang sampun kasucekaken, ingkang wenang mbesmi dupa! Paduka kawula aturi miyos saking papan suci punika. Paduka sampun boten setya malih. Paduka boten badhe angsal kaluhuran saking Pangeran Yehuwah Allah margi saking prakawis punika.”


Pandonga kawula mugi dadosa kados kurban dupa arum kagem Paduka, saha tangan kawula ingkang kawula ulukaken dadosa kados pisungsung kurban ing wanci sonten.


Cempe mau pisahen dhewe nganti tanggal ping patbelas sasi iki, nuli kasembeleha dening sagolonganing pasamuwane Israel ing wayah sore.


Padamaran iku iya sira gawekna clupak pitung iji, katumpangna ing ndhuwure, supaya madhangi kang ana ing ngarepe.


Ing sajrone Tarub Pasewakan ing sajabane geber kang ngaling-alingi pethining angger-angger, ing kono Harun lan anak-anake kang nata padamaran mau ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah wiwit sore nganti esuk. Iku pranatan kang tumindak turun-tumurun kanggo wong Israel.”


Harun ngobonga dupa kang wangi ana ing misbyah mau saben esuk, samangsa ngresiki damar-damar.


Ana ing misbyah iku sira aja ngobong dupa liyane, utawa kurban obaran apadene kurban dhaharan, sarta sira iya aja nyaosake kurban unjukan.


Apa Sang Kristus Yesus kang wus seda? Malah luwih saka iku, apa kang wus kawungokake, kang lenggah ana ing satengene Gusti Allah, kang malah dadi pangemban kita?


Aja kendhat anggonmu ndedonga.


Mulane Panjenengane uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakehing wong kang sowan ing ngarsane Gusti Allah lumantar Panjenengane. Jalaran Panjenengane gesang ing salawase prelu jumeneng dadi Pantarane wong-wong mau.


Sabab Sang Kristus ora mlebet ing sajroning pasucen gaweaning tangane manungsa kang mung dadi gegambarane kang sejati, nanging mlebet ing swarga piyambak prelu sowan ing ngarsane Gusti Allah kanggo kapreluan kita.


Lan Ingsun wus miji saka ing antarane taler Israel kabeh dadi imam kagem Ingsun, supaya saos kurban ana ing misbyahingSun, ngobong dupa lan manganggo efod ana ing ngarsaningSun; golonganira wus Sunpasrahi sakehing kurbane genenan wong Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan