Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 30:7 - Kitab Sutji

7 Harun ngobonga dupa kang wangi ana ing misbyah mau saben esuk, samangsa ngresiki damar-damar.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 30:7
20 Iomraidhean Croise  

Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun lan Nabi Musa; Rama Harun kapatah ngurus apa kang suci pinunjul, iya iku panjenengane dalah para turune, nganti ing salawas-lawase, yaiku ngobong kurban ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, lelados marang Panjenengane sarta andum berkah demi asmane, nganti ing salawas-lawase.


bin Elkana bin Yeroham bin Eliel bin Toah


Sang Prabu Suleman tumuli utusan wong sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Huram, ratu ing nagara Tirus, kadhawuhan ngaturake pangandikane kang wirasane: “Panjenengan mugi karsaa nandukaken dhateng kula, kadosdene ingkang panjenengan tandukaken dhateng rama kula Dawud, nalika panjenengan ngintuni kajeng eres dhateng rama, kagem yasa kraton ingkang badhe dipun dalemi.


Kauningana, kula badhe yasa padaleman kagem ing asmanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, dadosa sesengkeranipun, supados ing ngarsanipun kabesmia dupa anggi-anggi arum, sarta sesaos roti ajegan tuwin kurban obaran enjing sonten, ing dinten-dinten Sabat lan ing wulan-wulan enggal, punapadene ing riyaya-riyaya ingkang katetepaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, amargi sadaya wau dados kuwajibanipun tiyang Israel ing salami-laminipun.


Nuli padha ngadeg ana ing ngarsane Sang Prabu Uzia lan matur: “Dhuh, Sang Prabu Uzia, paduka boten kagungan wewenang mbesmi dupa kagem Pangeran Yehuwah, namung para imam tedhakipun Rama Harun ingkang sampun kasucekaken, ingkang wenang mbesmi dupa! Paduka kawula aturi miyos saking papan suci punika. Paduka sampun boten setya malih. Paduka boten badhe angsal kaluhuran saking Pangeran Yehuwah Allah margi saking prakawis punika.”


Malah padha nginebake lawang-lawange srambine padalemaning Yehuwah sarta mateni sakehing damar. Ora padha ngobong dupa lan ora ngunjukake kurban obaran marang Gusti Allahe wong Israel ana ing pasucen,


Pandonga kawula mugi dadosa kados kurban dupa arum kagem Paduka, saha tangan kawula ingkang kawula ulukaken dadosa kados pisungsung kurban ing wanci sonten.


Sarta maneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira njupuka wangen-wangen, yaiku: tlutuh damar, kulit kayu lokan lan blendok rasamala, wangen-wangen iku kacampura kalawan menyan tulen, siji-sijine padha akehe.


Misbyah padupan iku sira prenahna ing sangarepe geber kang kanggo ngaling-alingi pethi angger-angger, ing sangarepe tutup pangruwatan kang ana ing sadhuwure papan angger-angger, iya ana ing kono anggoningSun bakal manggihi sira.


Lan samangsa Harun nyumed damar ing wayah sore, Harun iya ngobonga maneh, dadi pangobonge dupa iku ajeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, ana ing satengahira turun-tumurun.


Ing misbyah iku tumuli diobongi dupa wangi kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.


utawa sadhengah apa kang wus diselaki klawan supata goroh, iku mbalekna sageneping pangajine dipunjuli sapralimane, diwenehna marang kang duwe, ing dinane anggone nyaosake kurban dhendha,


Iku kanggo pangeling-eling tumrap wong Israel, supaya saliyane tedhake Imam Harun aja ana kang seba ngobong dupa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan aja ana kang tumindak kaya Korakh sagrombolane mau, nocogi kaya anggone wus kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.


karo piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;


Sabab nalika diundhi kaya adate, kanggo namtokake imam kang maju ing gawe, dheweke kang katuding lumebu ing Padaleman Suci ngobong dupa.


satemah aku kabeh bisa ngelengake pikiran ana ing pandonga lan ing ayahaning pangandika.”


Sami mulangaken pranatan Paduka dhateng Yakub, saha angger-angger Paduka dhateng Israel; sami kekutug wangen-wangen wonten ing ngarsa Paduka saha nyaosaken kurban ingkang kabesmi sadaya wonten ing misbyah Paduka.


Lan Ingsun wus miji saka ing antarane taler Israel kabeh dadi imam kagem Ingsun, supaya saos kurban ana ing misbyahingSun, ngobong dupa lan manganggo efod ana ing ngarsaningSun; golonganira wus Sunpasrahi sakehing kurbane genenan wong Israel.


Lampuning padalemane Gusti Allah durung mati. Samuel wis turu ana ing padalemane suci Sang Yehuwah, papaning pethine Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan