Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 30:6 - Kitab Sutji

6 Misbyah padupan iku sira prenahna ing sangarepe geber kang kanggo ngaling-alingi pethi angger-angger, ing sangarepe tutup pangruwatan kang ana ing sadhuwure papan angger-angger, iya ana ing kono anggoningSun bakal manggihi sira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 30:6
16 Iomraidhean Croise  

Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun lan Nabi Musa; Rama Harun kapatah ngurus apa kang suci pinunjul, iya iku panjenengane dalah para turune, nganti ing salawas-lawase, yaiku ngobong kurban ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, lelados marang Panjenengane sarta andum berkah demi asmane, nganti ing salawas-lawase.


Sang Prabu banjur masrahake marang Pangeran Suleman, kang putra, rancangan cengkoronganing pandhapane Padaleman suci dalasan gedhong-gedhonge, gedhong pasimpenan, kamar-kamar ndhuwur lan kamar-kamar ing jero sarta kamar kanggo tutup-pangruwatan.


Saperangane campuran iku kajupuka, banjur kabebaka kang lembut, iku salong kadokokna ana ing ngarepe pethine angger-angger ing Tarub Pasewakan, iya ana ing kono anggoningSun manggihi sira, iku sira anggepa prakara kang suci pinunjul.


Anadene pikulan kang sira gawe iku kayu sittah kang kablongsong mas.


Harun ngobonga dupa kang wangi ana ing misbyah mau saben esuk, samangsa ngresiki damar-damar.


Misbyah mas dipapanake ana ing jero Tarub Pasewakan ing sangarepe geber.


Pethine angger-angger banjur sira prenahna ana ing kono, sarta sira aling-alingana geber.


Misbyahe padupan mas sira prenahna ana ing ngarepe pethi angger-angger, nuli sira pasangana wrananing Tarub Suci.


Dupane tumuli ditumpangna ing geni ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nganti kukuse dupa nglimputana tutup pangruwatan kang ana ing dhuwure angger-anggere Gusti Allah, supaya Harun aja nemahi pati.


Teken mau banjur padha sira selehna ana ing jero Tarub Pasewakan ing ngarepe pethining angger-angger ing papan kang adat saben Sunagem pepanggihan klawan sira kabeh.


Ing kono gubahe Padaleman Suci suwek dadi loro wiwit saka ing dhuwur nganti tekan ngisor, lan ana lindhu, sarta gunung-gunung karang padha bengkah


Kang iku payo padha sowan kalawan kendel marang dhamparing sih-rahmat, supaya kita oleh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari kita kapitulungan ing mangsa kang becik.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan